Nama : Riska Wahyu Putri
Ingkang dipunkaji : Film “ Sri Ngilang”
.Karyanipun Mahasiswa ANU,
SRI
NGILANG
(Ngarep perpustakaan , cedhak dalan gedhe)
Suparto : “Dhung ,Landhung ! Nyang nengdi
kowe?”
Landhung : “Hei To , Aku ar
p n
ng kose Sri ”
Suparto :” Haaa Sri sing ayu ? Kancane
Narsih. Lohh kos e Sri nang ng
ndi?”
Landhung :”C
dh
k pasar l
mpuyangan”
Suparto : “ C
dhak pasar L
mpuyangan ?Loh, tak kir
kidul
omahe Bu Sardi”
Landhung :”Kidul omahe Bu Sardi? Ora..ora ng
rti l
r kidul. C
dhak pasar L
mpuyangan
t
.”
Suparto :” Ahh ..”
Landhung :” Lha kowe ? Kowe ar
k m
nyang ng
ndi ?”
Suparto :”Anuu , aku iy
ar
k nang g
ne kose Sri ”.
Landhung :”Ooo ngono to ,tak kira lung
nang
kampus. N
k ngono bar
ng yoo ! Kowe seneng ketemu karo s
p
? Narsih
p
karo
Sri? ”
Suparto :”Anuu , karo Sri. ”
Landhung :” Oooh seneng ketemu karo Sri to .
Kowe seneng karo Sri to ? ”
Suparto :”Oraa… Mung arep sinau,mung arep
lunga nang perpustakaan karo Sri.”
Landhung :” Lunga menyang perpustakaan ? Haa
tenane ? Arep sinau ning perpustakaan , apa arep lunga nang Mall Malioboro
hayoo ???”
Suparto :”Dhung , Dhung . Aku ngelih banget.
Apa kowe ngelih ? ”
Landhung :” ahh pancen ngelih aku”.
Suparto :” Ana duit ??”
Landhung :”Oh yoyoyo ana ,ana. Kowe seneng
mangan apa?”
Suparto :”Anuu, aku kepingin banget gudheg.
Lha kowe? Kowe mangan apa?. ”
Landhung :”Gudheg ??Aku, aku paling doyan
mangan roti karo ngombe kopi manis.”
Suparto :”Ahh, nek ngono lunga ning restoran
iki. Enak jare ”
Landhung :” Ooo okelah mathuk ,Ayo lunga nang
kana wae !”
Suparto :” Ayo, yoo”.
(Restauran)
Suparto :”Kepenak iyoo, lunga nang kene”
Landhung :”ah,, iyo pancen enak banget,aku
seneng banget ngombe ning kene”
Suparto :”Heii, Nur , Narsih ! ”
Nur lan Narsih :”Lho.. mas parto , mas
landhung !”
Narsih : “ suwe ora ketemu , padha slamet
to?”
Landhung :” yoo ,pancen suwi banget ora
ketemu . Kene , kene lungguh ning kene wae !”
Suparto :” Iki mau .. saka ngendi mbak Nur ?”
Nur :”
Ya , saka kos. Saka nangdi maneh ?”
Suparto :” Lha mbak Narsih , saka nangdi
mau?”
Narsih
:”Saka Semarang ,numpak bus.”
Landhung :” Saiki , kowe manggon nang
Semarang to '?Tak kira isih kos ning Lempuyangan . ”
Narsih :” Ora to , omahku saiki ning Candi
,Semarang.Wis suwe..”
Landhung :” oo enak yo nang kana nang Candi ,
Candi ora panas to ?”
Narsih :” Pancen , ning adoh saka kutha
.Saben dina aku numpak bus menyang kutha , suwee banget. Emm.. Mas Parto , kowe
uwis kuliah apa nyambut gawe?”
Suparto :”Ijik kuliah yo , Aku sinau akutansi
lan basa Inggris”
Nur lan Narsih :”oo.. ngono”
Landhung :”Lha saiki , kowe arep menyang
ngendi ?”
Narsih :”Arek nilik kanca ning rumah sakit .”
Landhung :” Sapa ta ?”
Nur :” Sri , sri kancaku . Sing kos ning
lempuyangan .”
Suparto :”Haaa? Sri mlebu rumah sakit ? Adhuh
, mesakake ! ”
Narsih :” Iyo , pancen ! mesakake banget. Apa
kowe arep melu ning rumah sakit ?”
Landhung :” Iyo oo, arep mangkat jam pira ?”
Narsih :” mengko sore, kira-kira jam 6.”
Suparto :” Jam 6 ? wahh, aku ora bisa. Aku
kudu masak ning omah mengko sore.”
Narsih :” kowe kudu masak ? emm nek ngana
mengko awan wae, bisa ?”
Suparto :”Aaa, iyo isa isa , numpak apa ? bus
apa taxsi?”
Landhung :” ayo numpak becak wae , cukup
becak siji kanggo wong papat.”
Narsih :” Wah, yo sek-sekan to wong becake
cilik. ”
Landhung :” Lah.. lak malah anget to nek sek-sekan.”
Suparto :” em.. sik sik mengko sikek , wong
tuwa ne apa wis pirsa yen putrane ningbtumah sakit ?
Nur :” Iy
,, iy
wis
to. Wong ndek setu kepungkur wis rawuh saka Pacitan ,
Landhung : “ oo, wong tuwane ning Pacitan to?
Lha saiki nang ngendi ?”
Nur : “Saiki nang daleme pak Sardi,kae lho
pak sardi sing ngasta ning bengkel Sidodadi , kidul bioskop rio.”
Suparto : “ opo wi wong tuane wis pirsa, wis
tilik rumah sakit ?”
Nur : “ Iyo wis to , dhek wingi . Ngendikane
bapak e sri , Sri lara banget,kecelakaan jare.”
Suparto : “ Mesakke tenan , Sakjane ning rumah sakit sing endi to ?
Bethesda, Panti Rapih apa rumah sakit Muhammadiyah ?”
Nur : “ Ora ngerti aku. Sing endi ya ? Rumah sakit
Bethesda bok menawa,”
Landhung :” Apa oleh tilik?”
Nur :” Mesthine kepareng to .”
Suparto :” Nek ngono mangkat saiki ayo , aku
kepingin weruh apa Sri tenan lara
parah “
Landhung :” Aku iyo ,pengen ngerti apa sing
kedadeyan karo sri.”
Suparto : “Nek ngono , bareng wae yok mangkat
saiki.
Landhung :” sik , ngko sik . Urung bayar
Suparto : “ O iyo ,aku meh lali . Mbak ! Mbak
! pira iki ?”
Mbak sing bakulan :” Kopine papat ya ? Lha
apa maneh ? Ora mangan ?”
Landhung :” Ora mbak , kopi manis papat.”
Mbak sing bakulan :” Ora mangan krupuk apa
nyamikan ?”
Suparto :” Ora, ora mbak. Trima kopi patang
gelas.”
Mbak sing bakulan :” Kopi sak gelas Rp 5.500,
dadi kopi papat ? pira yo? 22 ewu”
Suparto :” Wah , larang banget. Emm nyoh mbak
, 30 ewu, isih susuk emm 9 ewu.?”
Mbak sing bakulan:” Lah ? 9 ewu ? susuke mung
8 ewu to ? “
Suparto : “ Oo iyo , pancen 8 ewu. “
(Telp Nur muni)
Nur :” Halo, selamat siang . Yaa saya sendiri
.Sapa iki? Hah? Sri ? Kowe saiki nang ngendi ? Nang Magelang ? Sri… Mlayu saka
rumah sakit ? Mlayu karo pak Dokter ? Asmane sapa to ? Gunawan ? Sri.. Sri..
kebangetan tenan kowe . Wong tuwamu wis pirsa nek kowe mlayu saka rumah sakit ?
Durung ? Srii .. Magelange nang ngendi ?
Ning daleme pak Dokter ? Sri.. Iyo, iyo. Wong tuwamu ? Mengko aku tak sowan
karo kanca-kanca .”
Narsih : “ Piye? Piye ?”
Landhung :” Ana apa si Sri ?”
Nur :” Kebangeten tenan bocah kuwi , mlayu
saka rumah sakit ora pamit .Mlayu karo dokter . Sing asmane Gunawan jare.”
Landhung : “ Jare Sri kecelakaan , Lha apa
wis mari ?”
Nur :” Ora ngerti aku , jarene sri ,
tabrakanae ora tenanan. Ngapusi jare , Ngakune mlebu rumah sakit muk kepingin
ketemu karo dokter , Sri seneng karo pak dokter jare .”
Landhung : “ Kasmaran to karo pak dokter ?
Lha saiki kepiye ?”
Narsih :” Sowan wong tuwane sik , wong tuwane
during pirsa yen sri mlayu during pamit .”
Suparto :’ Nek ngono , mangkat saiki ning
dalem e pak Sardi Ayoo ! “
Mbak sing bakulan : “ Heel ah , 8 ewu , wis
lunga .”
Suparto :” Mbak , mbak , ndi susuke ? (Mbak
sing bakulan nyukani susuk) 9 ewu , eh 8 ewu , matur nuwun .”
( Wayah sore dalem e pak Sardi)
Pak Sardi :” Sugeng sonten bu probo , kados
pundi ? saged sare ?”
Bu Probo :” inggih saged , skeca sanget “
Pak Sardi :” Inggih , mangga lenggah mriki .
Sampun siram ? “
Bu Probo
:” Sampun pak , seger sanget .”
Pak Sardi :” Ngunjuk nggih bu , ngunjuk
menapa ? Teh , menapa kopi ? “
Bu Probo :” Wah , sampun pak . Nggih kopi
kemawon.”
Pak Sardi :” Yem ,yem ! rene .Kopi kangge
ibuk , sing legi yo yem .”
Yem :” Mawi nyamikan boten pak ? “
Pak Probo : “ Kudu , mosok ra nganggo
nyamikan . Pilihin sing apik yo yem .”
Yem :” Nggih pak , mm pak , kala enjing kula
sampun tumbas nyamikan dhateng peken . Ingkang saking jepang eco snaget lo pak
, nanging radi awis. Ingkang saking India boten eco , nanging murah lo pak.”
Pak Sardi :” wis yem , cerewet banget .Wis
ndang dijupukna .”
Yem :” nggih pak , emm anu pak ,kula kinten
biscuit saking Jepang langkung legi .Kula remen biscuit saking Jepang lo pak ,
“
Pak Sardi :” Loh ,loh wis kok pangan ? Awas
nek Nyamikane wis entek !”
Bu Probo :’ Emm, sampun pak boten menapa napa
. Kopi kemawon sampun cekap.”
Landhung : “ Kula nuwun , kula nuwun .”
Yem :” Mangga , mangga mlebet , mangga
lenggah mriki .”
Landhung :” Nganu pak , nepangaken rumiyen
,kula Landhung , menika Suparto kaliyan Nur,kancanipun Sri.”
Bu Probo :” Sri ? Sri anak kula ? “
Landhung : “ Nggih bu , Anggen kula sowan
menika badhe ngaturaken kabar putra panjenengan .”
Bu Probo :” Kabar menapa ? Sri dirawat ning
rumah sakit Bethesda ? Kula kaliyan bapakipun sampun mrika .”
Nur :” Nggih leres bu , anuu mekaten bu , kala wau kula pikantuk telp
saking sri . Cariyosipun sampun medal saking rumah sakit boten pamit rumiyin .
Malah mlayu tekan magelang kaliyan pak Dokter . Cariyosipun Sri, piyambakipun
kasmaran kaliyan pak dokter “
Bu Probo :” Kasmaran ?Sri minggat ning
Magelang ? Kurang ajar bocah kuwi , Lha dokte niku asmanipun sinten ?
Nur :” Cariyosipun Sri , asmanipun Gunawan .”
Pak Sardi :” Gunawan ? Dokter Gunawan ingkang
nyambut damel wonten rumah sakit Bethesda ? Piyambakipun lak anak kula .”
Bu Probo :” Hah ? Putra panjenengan ? Lha
anak kula ngantos mlajengaken dugi Magelang , menika kados pundi ?”
Pak Sardi :” Lah anak kula , anak kula
ingkang dipun lepataken . Anak kula dados korban . Ingkang lepat inggih putri
panjenengan . Mosok lare setri kok
mekaten kelakuanipun .”
Bu Probo :” Loh . Sri bocah sing apik banget
atine , tur isih cilik , mosok wani ganggu dokter sing murang tata , iki lak
anakmu Wis duwe baja , kok malah wani slewengan karo cah cilik .”
Pak Sardi :” Kowe kok wani ngomong kaya ngunu
karo aku ? Kowe ngerti aku iki sapa ? Tak tampa nginep ning omahku kok malah neranyak ? Hah dasar wog desa !”
Nur : “ Sabar, sabar pak , sabar buk , sabar
. penggalihipun kula aturi dipun sarehaken rumiyin . Boten apik duka . Sabar , mangga lenggah rumiyin .”
Bu Probo :” Pak Sardi , kula nyuwun
pangapunten anggen kula matur kala wau pancen radi kasar , Ngapunten pak, “
Pak Sardi :” Sematen ugi kula bu Probo , kulak ok saged matur kasar kados menika wau . Kula nyuwun
pangapunten sanget bu , Yem ! Yem ! Rene
Yem ! Maju mundur kaya ngono kuwi .
Unjukane endi ? “
Yem :” Anu pak , wonten tamu pak .”
(Pak polisi dugi)
Pak Sardi :” Ana Tamu ?Ning ngendi ? “
Yem :” Wonten ngajeng pak , polisi .”
Pak sardi : “ polisi ? ndang diaturi mlebu
wae yem ! kok plonga plongo kaya kethek ! “
Yem :” Mlebet pak ! mlebet mlebet !”
Sedaya Paraga : “ Mangga pak , mangga . “
Pak Sardi :” Lho , ora ana kursi . Yem , ning
kamar tengah ana kursi digawa mrene wae .”
Suparto :” Mangga pak , mangga ! lenggah
mriki mawon ! “
Pak Polisi :” Sampun dek , sampun . Sampun
pak , kula cekap wonten mriki mawon. Wis dhek kursine ning kene wae , aku cukup ning kene wae wis.”
Pak Sardi :” Yem ! Yem ! unjukane tambah siji
yem ! Nyuwun ngapunten pak , taksih anyaran. Dereng dangu dherek teng
mriki ”
Pak Polisi :” Ampun repot pak , kula naming
sekdhap kok.”
Pak Sardi :” Oh , naming sekedhap ? Lha
ngersakaken pinanggih kaliyan sinten ? kaliyan kula ?”
Pak Polisi :” Sanes.”
Pak Sardi : “ Lho , menawi mekaten kaliyan Bu
Probo mesthinipun ?”
Pak Polisi :” Nggih sanes , menapa ngriki
wonten ingkang asmanipun Suparto ? “
Bu Probo :” Suparto ?”
Nur :” Suparto ? menika pak mas suparto kanca
kula .Kok mas Suparto ingkang dipun padosi ? Lho mas , mas , mas kok jare kowe
sing dipadosi polisi , ki kepiye to ?”
Suparto :” Ra ngerti , ra ngerti .”
Pak Polisi :” Menapa leres , panjenengan
ingkang asmanipun Suparto ? “
Suparto :” Inggih .., pak… kula Suparto .
Wonten perlu menapa kok badhe pinanggih kaliyan kula ?”
Pak Polisi :” Nganu mas, sampeyan kula aturi
tumut kula dhateng kantor polisi .”
Nur :” Kan,, kan,, kantor polisii???? Kowe kok
arep dijak ning polisi , ana apa ?”
Suparto :” Yo, yo mbuh ora ngerti ,ora ngerti
, tenan !”
Landhung :” Wadhuh, wadhuh sirahku mumet
banget , ah, adhuhh. Mumet banget . (Semaput )”
(Panik , bingung )
Pak Sardi :” Cilaka iki.”
Nur :” Kenapa ndhung ? Ana apa ta ?” (
Suparto kabur ) Eling ta , eling !”
Landhung :” Boten menapa-menapa kok pak .kula
pancen sok semaput kados ngeten mawon.”
Bu Probo :” Lha Parto , wonten pundi ?”
Pak Sardi :” Lho , boten wonten ? mlayu yak
e.”
Pak polisi :” Wah , kurang ajar , ayoo di
oyak , ayook .” ( Padha buru lan goleki Suparto)
(Pawartos Dalu , Caraka TV)
Wulaningsih : “ Sugeng dalu para pemirsa
,sugeng rawuh wonten ing kiaran pawartas
basa jawi Ing Caraka TV menika . Kula Wulaningsih ,. Para pemirsa
dipunlaporaken menawi kala wingi sonten polisi gagal nyepeng setunggaling nem-neman naminipun Suparto , ingkang dipun
dugi dados gerombolan pedagang Narkoba. Kangge informasi langkung jangkep ,
mangga pemirsa kula aturi midhangetaken keteranganipun Bapak Teguh Prakoso
(Polisi),kepala Polres Malioboro ingkang nembe wawanrembag kaliyan wartawan
Caraka TV, Endang Winarni . Mangga mbak Endang !”
Endang :” Matur nuwun mbak Wulan. Bapak
Prakoso, menawi kula boten klentu Suparto gerombolan Narkoba sak jatosipun
sampun kecepeng dening petugas Polisi,lakok saged lolos , menika kados pundi
kedadosanipun ? Ketingalipun petugas polisi “ menika wonten pundi ? ”
Prakoso (Polisi) : “ Mangkih rumiyin mbak ,
sakjatosipun menika kedadosanipun boten
ngaten mbak , pramila leres Suparto sampun saged dipun cepeng nanging lajeng
dipunuculaken malih supados lajengipun saged dipunlacak mbok menawi badhe
wangsul kempal malih kaliyan kanca –kancanipun . Ngono lho mbak , ora kok
polisi ceroboh.”
Endang :” Inggih pak , nuwun sewu pak ,
menawi boten klentu pun sebat to lak sampun
ngical dipun lacak rak dereng kepanggih to ? Ngantos sepriki ,lak boten
wonten ingkang ngertos delekanipun wonten pundi .
Prakoso (Polisi) :” Delika wonten pundi
kemawon mesti badhe dipun padosi ngantos kepanggih .”
Endang :” Oh, dadi mila dereng
kepanggih?Pandelekanipun ? “
Prakoso (Polisi) :” Loh, sampeyan kok
negative , kenging menapa wartawan kok mesti negative ?Ampun waton negative
ngeten niku mbak , Ngati-ati lho nek ngomong . Saya menghimbau kepada
masyarakat ,Jangan bersikap negative terhadap aparat. Kami adalah pengayom
rakyat , Kami terus bekerja keras untuk melindungi rakyat dari segala ancaman ,
dan segala gangguan , Ingat Itu !!!”
Endang :” Inggih , maturnuwun pak .Para
pemirsa mekaten dhawuhipun Bapak Teguh Prakoso saking Polres Ngupasan Malioboro
. Kula Endang Winarni caos pelaporan “
Wulan :” Maturnuwun mb Endang . Sakmenika
nyandhak pawartos saklajengipun .”
Pungkasaning Drama , wonten adegan nyanyi
sesarengan lagunipun “minggat”.
MATURNUWUN
ANALISIS
UNSUR INTRINSIK
1.
Tema
Tema
saking Drama ingkang irah-irahanipun “Sri Ngilang” inggih menika perkawis “
Kelangan”. Inggih menika wonten Paraga ingkang naminipun SRI ingkang ujug-ujug
ngilang wonten ing rumah sakit. Ananing miturut kula wonten malih Tema
sanesipun inggih menika “ perkawis Narkoba”.
2.
Paraga lan sipatipun
1. Sri , menika gadhah
watak ingkang kirang becik , nekad , kuranga ajar . Ananging paraga menika boten dherek wonten ing
drama , namung dipun cariyosaken lan dados Paraga ingkang utama.
SIpat menika saged dipun buktikaken saking
pangucapan paraga sanesipun kayata ,
Bu
Probo :” Kasmaran ?Sri minggat ning Magelang ? Kurang ajar bocah kuwi , Lha dokter niku asmanipun sinten ?
2. Gunawan
, Paraga menika inggih boten ketingal sandiwaranipun wonten ing drama menika ,
ananging kangge sipatipun saged dipuntingali saking pangucapan tokoh ingkang
beberaken menawi Gunawan menika mlayu kaliyan Sri dhateng Magelang. Dadosipun
saged dipundudut menawi sipatipun Gunawan menika , kurang tanggung jawab ,
boten setia , boten kendhel .
Buktinipun saking sipat menika , kayata :
Bu
Probo : ” Loh . Sri bocah sing apik banget atine , tur isih cilik , mosok wani
ganggu dokter sing murang tata , iki lak anakmu Wis duwe baja , kok malah wani slewengan karo cah cilik.”
3. Suparto
Menika ingkang gadhah sipat kirang sae ugi ,
amargi dados geng Narkoba , licik , Ngapusi , Pelit( saged dipunbuktikaken
nalika tumbas kopi wonten ing restaurant) , ananging perhatian kaliyan kanca.
4. Nur
:
Gadhah sipat ingkang sae, apikan , perhatian
lan peduli kaliyan kanca-kancanipun,sopan kaliyan tiyang sepuh.
5. Narsih
:
Gadhah sipat ingkang sae, apikan , perhatian
lan peduli kaliyan kanca-kancanipun.
6. Landhung
:
Apikan , radi seneng apus-apus( saged dipun
buktikaken nalika wonten polisi , lajeng Landhung macak semaput.) , cerdik ,
apikan kaliyan kancanipun.
7. Pak
Sardi :
Sae, remen tinulung ( Nulungi Bu Probo kangge
nginep wonten ing dalemipun) , Radi kasar ugi nalika emosi , sekedhik sombong (
saged dipun buktikaken kaliyan tembung menika
“ Kowe apa ora ngerti aku iki sapa ?”, purun
nyuwun pangapunten menawi lepat, sayang
kaliyan putranipun, sopan lan ngajeni tamunipun.
8. Bu
Probo
Sae, sopan , radi emosian , sayang kaliyan
putrinipun , purun nyuwun pangapunten nalika gadhah salah.
9. Yem
Cerewet , radi boten pati dong , manut.
10. Mbak
bakulan kopi.
Teliti ( saged dipunbuktikaken nalika Suparto
susukipun 9 ewu , ananging si mbak
neliti malih,lajeng ngertos menawi susukipun 8 ewu.
11. Pak
Polisi
-
Tegas , radi sekdehik emosian , sopan.
12. Wulan
Sae anggenipun dados reporter pawartos
13. Endang
Radi negative pemikiranipun dhateng
narasumber, sae.
3.
Latar
A. Latar
Tempat :
1. Ngajeng
Kampus
2. Restauran
3. Magelang
4. Rumah
sakit Bethesda
5. Dalemipun
pak Sardi
6. Kantor
polisi malioboro
B. Latar
waktu
1. Nalika
enjing
2. Nalika
siang
3. Nalika
sonten
C. Latar
suwasana : dugi lan badhe nyepeng Suparto.
1. Asyik
.Nalika Suparto sakanca kumpul sareng lan cariyos-cariyos.
2. Ayem
, Nalika pak Sardi wicantenan
kaliyan Bu Probo
3. Megelne,
Nalika pak Sardi radi pegel utawi kesel kaliyan si Yem.
4. Prihatin,
Nalika kanca-kancanipun Sri kempal , lajeng mangertos menawi Sri saweg sakit.
5. Kuciwa,
Nalika kanca-kancanipun sri saha tiyang sepuhipun Sri mangertos menawi Sri
medal saking rumah skait boten pamit.
6. Tegang
Nalika Pak Sardi kaliyan Bu Probo
salah-salahan , Nalika Pak Polisi
4. Alur
ALur maju , cariyos menika kasusun kanthi
kronologinipun.
Wiwitanipun drama menika nyariyosaken Suparto
ingkang badhe dolan dhateng kosipun Sri , lajeng kepethuk kaliyan Landhung, lajeng Suparto kaliyan Landhung
tumbas kopi wonten ing restoran kepanggih kaliyan Nur lan Narsih , ingaknag
nyariyosaken menawi Sri sakmenika dipunrawat wonten ing umah sakit Bethesda
jalaranipun kacilakan , ananging nalika badhe tilik, Nur angsal telp saking Sri,
Sri nyukani kabar bilih piyambakipun sampun medal skaing rumah sakit boten
pamit , piyambakipun lunga menyang Magelang tumut dokter Gunawan , amargi Sri
menika kasmaran kaliyan dokter Gunawan.
Nalika angsal pawartos menika , Nur kaliyan
kanca sanesipun sowan dhateng dalemipun pak Sardi, amargi wonten dalemipun pak
Sardi menika ibu saking Sri Sare(Nginep ) . Nur nyariyosaken dhateng ibunipun
Sri perkawis menika.
Lajeng nalika wonten ing tengah-tengah
pawincatenan , wonten polisis ingkang dugi lan badhe nyepeng Suparto, amargi
suparto menika salah satunggaling Bandar Narkoba.
5. Gaya
Bahasa
Wonten ig drama menika ngginakaken basa
jawa Ngoko ingkang campur kaliyan Basa
krama, amargi ingkang paraga menika boten tiyang jawi asli dadosipun kathah
pangucapan tembung ingkang boten leres. Wonten ing drama menika inggih wonten
dialog saking Pak Sardi ingkang ngginakaken Majas Simile “ Dadi wong aja plonga
plongo kaya kethek Ketulup”.
6.
Sudut Pandang
Sudut pandang ingkang dipunginakaken dening
pengarang ingginh menika sudut pandang orang ketiga
7.
Amanat
a.
Setunggal kanca kaliyan kanca sanesipun
kedahipun sami-sami ngasihi
b.
Boten ngilang-ngilang , lan nggawe tiyang
sanes kuciwa, khawatir.
c.
Tindhak laku dening tamu menika kedah ngajeni
d.
Nalika emosi dikathah-kathahi Sabar ,
nyarehaken penggalihipun.
e.
Boten nyobi-nyobi barang ingkang boten sae.
f. Ngurmati
lan dukung aparat ingkang sampun kerja keras kangge ngelindungi rakyatipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar