Selasa, 31 Oktober 2017

Kekancanku

Senin iki atiku rasane ora karu-karuan, ndredeg, wedi, ora sabar, ananging bungahku menangke kahanan . Dina iki aku mlebu SMA sing dak impen-impenake. Saking bungahe atiku  amarga dina iki aku bakale dadi murid SMA , ora sadar yen jam 4 isuk aku uwis tangi ,  padahal biasane yen ora diobrak obrak ibukku aku ora bisa tangi gasik, paling pol aku tangi gasik yo jam 5.
“Lho Ren , kok dengaren yahene awakmu wis tangi?” Ibuku biasane yen jam 4 uwis ana ing pawon cithik geni nggodog banyu lan masak sega ,
“Nggih bu , dinten menika kula rak pisanan mlebet SMA, dados kula boten sabar kepingin cepet-cepet tangi, cepet sekolah , hehe .” Semaurku bungah
“Oalah nduk gendhuk , bungahe neh sing arep dadi cah SMA , yowis kana gek wudhu , subuhan dhisik ! Kae wis adzan. Bibar kuwi ndang tata-tata apa wae sing kudu kokgawa !“
“Injih ibukku sayang.menawi mekaten kula badhe subuhan rumiyin njih. ..”
“ Iyo ndhuk ndang kana !”
---
Saiki wis jam 6 , aku uwis bibar sarapan lan siap budhal menyang sekolah SMA ku.
“Ren , uwis salim si mbah durung awakmu ? Nek uwis ayo  Bapak terke numpak motor .”
“Inggih pak sampun , pamit si mbah . Ibu , Reni bidhal sekolah riyen nggih , Assalamualaikum.” Aku pamitan karo ibuku, dak salim land an ambung pipine ibu.
“Iya ndhuk , sing ngati-ati ya , sekolah sing tenanan !”
Omahku kuwi kalebu omah ndesa , adoh saka pasar,kecamatan ,lan sekolah sekolah negeri . Ing daerah omahku kuwi anane mung sekolah lanjutan MTS, dadi yen aku kepingin ngelanjutke ing Sekolah Negeri aku kudu tekan kecamatan, sekolah ing kecamatan iku salah sijine sekolah sing misuwur ana ing kabupaten , yaiku SMAN 1 Jagiragi, lan aku alhamdulillah klebu ing SMA kuwi.
(30 menit sawise)
“Bapak , kula mlebet sekolah riyen nggih,  Bapak kondure ngati-ati nggih.”
“Iya kana gek mlebu ndak telat ngko.” Bapak kondur .
Aku mlebu gerbang banjur langsung menyang kelas , aku uwis ngerti panggonan kelas e ana ngendi amarga minggu winggi nalika MOS ana adicara mubeng area sekolah supaya siswa siswa anyar bisa kenal lan ngerti panggonan kelas-kelase. Ana ing SMA iki aku klebu ing jurusan IPA, kelas e X IPA 2.
Dina iki aku ketemu karo bocah bocah sing during kabeh tak kenal , sing tak kenal I yo mung siji loro yaiku kancaku jaman SMP mbiyen karo kancaku MOS kala wingi . Dadi ana kene aku lan kanca-kanca liyane padha kenalan .
“Sugeng enjing , aku  Reni, yen jenengmu sapa ?”
“Sugeng enjing , aku Yesi . Eh Reni, awakmu rak sing wingi MOS e ana ing kelas IPS 4 to? Mosok lali karo aku ?“
“Yesiiii ? tek aku lamat lamat yo …”
“ Ya ampun.. Reni, aku ki wingi sing lungguh ana ing pojokan ngguri kae lho karo pak keta suku.”
“Oooo, iyaiya eling aku , wah wah sepurane lo Yes, aku during apal karo kanca-kanca ki , sing tak apali paling-paling ya kancaku mbiyen pas SMP.”
“Wkwk, iya iya Ren , rapopo pancen awake dhewe nalika MOS ora pati cedhak , ngerti ne mung pas kenalan ing ngarep kelas kae. Jebul saiki awake dhewe dadi sak kelas yo ..”
---
Wiwit saka kuwi aku karo Yesi dadi kanca cerak , lungguh bareng , nggarap tugas bareng , Yesi yo serek dolan menyang omahku . Wis meh seminggu aku dadi murid SMA , ing kelas iki kancane penak-penak , seneng srawung, dadi ing kene aku duwe kanca akeh, nanging kancaku sing luwih cedhak ana Yesi. Ing kelas IPA 2 iki saben minggu panggonan lungguh e kudu pindhah , utawa biasa disebut rolling. Aku karo Yesi entuk panggon nomer loro saka guri , lan dina kuwi ana tugas kelompok mata pelajaran Basa Jawa .
“Bocah-bocah , boten dangu malih UAS,  bu Guru badhe nyukani pirsa yen UAS Basa Jawa menika boten naming tes tulis ananging wonten praktek drama temanipun ingkang gayut kaliyan kagiyatan masarakat sabendinten, paling sekedhik paraganipun sekawan . Kados pundi ?? wonten ingkang dipunsuwunaken pirsa menapa boten babagan tugas UAS menika?”
“ Boten bu .” Semaure kanca-kanca sakelas
“ Oo, iya .. murid muridku pancen pinter, mengko yen ana sing durung jelas saged dipunsuwunaken pirsa nggih , ibu wonten ing kantor. O iyo kelompoke
 2 rong bangku ngarep ngguri ya. !”
“Inggih Bu..”
---
Bu Guru tindhak dhateng kantor , aku lan kanca kanca pada rerembugan kanggo bahas tugas UAS Basa Jawa iki . Kelompokku UAS iki ana Yesi , Saras , lan Santi . Saras lan Santi iku kanca sakelasku .
“Piye ya iki tugase , aku kok bingung.” Santi takok karo praupane katon bingung.
“ Piye ya kanca-kanca , aku duwe ide , piye yen awake njukuk temane sing kaitan karo pasar, mengko wong loro dadi sing dodol , loro liyane dadi sing tuku.”  Saute si Saras.
“ Oiyo ngono  mathuk mathuk wae , tapi aku ora iso nggawe dialog e , sapa ya sing iso ?”
“ O yen babagan dialog aku wis nggawe cengkorongan iki yes, mengko daktambahi maneh, yen panemumu kepriye Ren?” Wangsulane Saras.
“Wah.. aku yo sarujuk , dadi iki mengko sing nggawe dialog e Saras , saiki kari bahas babagan kapan la nana ngendi awake dhewe latian . Kepriye yen neng omahku bae ?”Ajakku marang kanca-kanca supaya latian ana ing omahku.
“ Ayo , aku manut bae. Kapan yo ? Minggu iso ora ?” Takokne si Santi.
“Ayo wae ,aku minggu iso , tak usahake sesok wis dadi naskah e.” Semaure si Saras.
“ Siipppp.. dadi sok minggu kita menyang omahmu yo Ren , cepaki maeman sing akeh yooo.”celathune Yesi nyeplos.
“Haha, siaaap-siaaappp.”
Wiwit dina kuwi wis ana 3 mingguan Santi,Saras ,lan Yesi dolan menyang omahku kanggo latian drama. Wiwit saka latian latian iki kekancan antaraning aku , Yesi, Santi lan Saras luwih raket. Yen ana ing sekolah biasane rentang renteng wong 4, arepo menyang kantin , mushola , perpus , lan menyang ngendi-endi. Kita bocah 4 seneng cerita-cerita babagan apa wae ,kayata babagan tugas , babagan kluwarga , ugi babagan uwong –uwong kang di tresnani. Aku yo cerita yen ana kanca sakelas sing dak senengi , yen Yesi malah uwis ndue cowok kakak kelas IPS , Santi iyo nduwe wong sing disenengi ana ing kelas, Yen Saras seneng karo kakak Kelas Ipa. Kita wong papat cerita apa wae sanajan akeh cerita sing ora jelas, sing penting padha kumpul lan kekancan raket.
Seminggu maneh wayahe ujian praktik bahasa Jawa , persiapan lan latian luwis daklakoni , kari padha siap tampil .
“Wah minggu ngarep awak e dhewe uwis ujian yo , wis padha siap to cah ?” takone Saras.
“ Wah iyo yo.. kok aku ndredeg yo caaaahhh , huahuaaaaaa.” Yesi semaur kanthi heboh.
“Wkwkwk yo siap ra siap kudu di siap-siapne ! Yok Semangat . Awake dhewe mesthi iso kok ! Kita kan uwis latian tenanan, Fighting !!!.” Semaure Santi kanthi ngewenehi semangat kanca-kancane.
“ Iyo bener San omongmu ,awake dhewe kan uwis usaha , kari ngko pas Ujian awake dhewe lakokne kanthi temenan , perkara mengko asil e piye dipikir keri, kan awake dhewe uwis usaha .” Saut ku nambahi..
n  Seminggu uwis kepungkur , dina iki wayah e UAS Praktik Drama ---------

“Wahh…. Semangat yo kanca-kanca , dina iki wayahe UAS , Ayo sadurunge mlebu kelas padha dedonga dhisik bareng-bareng , dedonga sumangga !” Santi mimpin kanca-kancane dedonga.

“Amiiinnnnn… “
“TENG … TENG… TENG….”
“Ayo kanca-kanca padha mlebu kelas , kae wis bel .” Ajak e Saras.
“Iyo ayoo.. !!!! “ Sahut kanca-kancane Saras kanthi semangaat .

 Ora let suwi aku lan kanca-kanca mlebu kelas , Bu Guru Rawuh . UAS praktik drama ugi enggal diwiwiti . Alhamdulillah kelompokku drama , iso praktik kanthi apik  lan Bu Guru ugi remen.
“TENG …. TENG…. TENG.. “
“Nggih bocah-bocah , Alhamdulillah UAS Praktik dinten menika sampun kalampahan kanthi lancar, kabeh padha apik-apik , matur nuwun nggih sampun nyamektakaken lan latian kanthi tememen kangge Ujian menika , nanging sampeyan sedaya kedah langkung sinau malih nggih , supados mangkih saged langkung sae malih . Semangat !! Ibu cekapi sakmenika , Wassalamualaikum Wr.Wb.”  Ngendikanipun bu guru sabibaripun Ujian.
“ Nggih Bu , Walaikumsalam Wr.Wb..”
“Ehh, Alhamdulillah yo awake dhewe ujian e lancar mau .”   Aku bukak omongan karo kanca-kanca.
“ Iyo , Alhamdulillah banget , terus mau Bu Guru ketingal e seneng karo kelompok e awake dhewe yo .” Sambung e si Santi.
“Wahhh, ya jelass dong.. kita gitu lohh.. “ Yesi melu nimbrung karo gayane sing heboh.
“ Yowis yo.. saiki neng kantin.. aku ngelihh .” Ajak e Saras.
n  Aku lan kanca-kanca ngaso lan padha menyang kantin ------

Aku , Yesi , Saras lan Santi saiki dadi kanca cerak banget , arepa bungah susah , ngguyun , nangis , kita mesthi bareng-bareng. Kanca-kancaku iki nduweni kapribaden sing beda-beda, Yesi kancaku sing paling cerewet , heboh , yen upacara senengane semaput , ananging dhewek e sing paling royal , senengane nggawani jajan lan di dum bareng-bareng , saka cah papat iki si Yesi iku sing paling cedhak karo aku saka kelas X , lan sing nduwe pacar  yo Yesi dhewe , liyane jomblo kabeh.
Si Santi , yen di delok saka kadohan lan durung kenal, Santi iki kalebu bocah wadon sing kalem , menengan , nangin yen wis kenal cedhak uwis dadi bolo plek, Santi ki yo bocah sing cerewet  banget , arepo dheweke seneng opo lagi mangkel senengane ngeplaki kancane sing neng cedhake , karo jerat-jerit. Santi iki yo Jomblo , padahal dhewek e kalebu ayu , ing kelas X iki ana sing nyedhak i lan asline Santi iki yo dhemen karo sing nyedhak , sebut wae jenenge “Paimin” (Dudu jeneng asline.) Ning paimin iki cah lanang sing senengane cedhak-cedhak karo bocah wadon dadine masio Santi yo seneng , Santi emoh karo dheweke. Santi iki omah e cerakan karo si Saras , dadi yen budhal lan bali sekolah Santi biyasane bareng Saras.
Saras, kancaku sing watak e paling keras, omongan lan seaware banter banget / seru banget. Dheweke iku sing paling atos pikirane , sing paling gengsian , ananging asline atine ora seatos pikirane.
Saka aku lan kancaku liyane ora ana sing kalem , senengane padha ribut yen pethuk dadi suasana kelas garai tambah rame.  Yen uwis bareng-bareng sok lali wayah , saking ana wae sing daklakokne bareng-bareng , dolan menyang sawah , foto-foto , tuku mie ayam , somay , batagor ,lsp.
Ora krasa uwis setaun anggen e sekolah SMA , UAS yowis bar , kari nunggu raportan lan ndelok kelas anyar e bakal ana ngendi , lan isih bareng-bareng ora.
“Wah , ora krasa ya wis setaun awake bareng-bareng , mengko yen kelas XI kelase di acak , awake dhewe isih bareng-bareng ora ya ?”  Saras ngewiwiti ngobrol.
“ Iya e ora krasa , iya mengko didelok yen wayah raportancsesuk bae , muga muga yo podho sakelas yo .” Semaurku.
“Eh sesok sing njukuk rapormu sapa Ren ?” Takoke si Yesi .
“Aku ?? mengko ibuk sing mundhut bapakku lagi kerja .”

--- Cah papat yen wis amor , sok lali wayah, dina iki sampe jam 4 lagi padha mulih --

Dina iki wayah e raporan , Ibuku tindhak menyang sekolahan , lana aku nunggu ing omah . Jam 11 ibuku uwis Kondur , banjur aku cepet-cepet nututi.
“Ibu , mpun kondur ?”
“Iya Nduk , nyoh rapormu , lumayan bijimu , sok maneh ditambahi yo sinau e ben tambah apik , awakmu iyi munggah kelas ning XI IPA 3 .”
“Alhamdulillah nggih buk , siap bu ! Reni bakal sregep sinau malih. Kula minggah kelas bu ?? yeeeeeeeeyeeee , kula minggah kelas XI , lan manggen wonten XI IPA 3.”
“Iyo nduk , yowis ya ibu tak leren dhisik , sampeyan njaga warunge ya !”
“Inggih buk.”
Atiku dina iki bungah banget amarga raporku bijine apik-apik lan aku munggah kelas. Njur aku kelingan bala-bala ku, terus langsung aku jupuk hp lan takok ana Group Wa.
“Eh padha piye rapor e cah ? Aku munggah kelas lan manggon ing IPA 3 . “
*Klunthingklunthing*
“Aku iyo Ren , aku iyo ana ing IPA 3.. Yee awake dhewe bareng maneh. Iki si Santi karo Saras pie ??” Yesi sing bales chat ku sik dhewe.
“Yahhhh, aku karo Saras manggon ing IPA 4. “ Santi bales.
“Yohh Alhamdulillah aku ora bareng kowe wkwk .” bales e si Yesi guyon.
“Wah jahat e awakmu Yes , we mengko yen kangen aku pie jal???” bales e si Santi.
“Wah wah ra bakalan , yen kangen yo kowe mengko kudu mara neng kelas ku weeegkk :p .” Yesi balesi.
--- Ora ana 30 menit pesan ning WA ku uwis 200 luwih , lan yo isine namung Yesi,Santi , Saras. Saiki uwis musim liburan , suwene libur semester 2 yaiku rong minggu---
Liburan semester uwis rampung , saiki mlebu ana ing taun ajaran anyar , aku lan kanca-kanca wis dadi kelas XI , ananging ora dadi sakelas , aku karo Yesi ing IPA 3 , Saras lan Santi ing IPA 4.  Jam setengah pitu aku uwis teka kelas , nalika mlebu kelas Yesi uwis teka lan nggolekne bangku kanggo aku sisan.
“Weh Yes, wis teka wae awakmu yahene , biasane budhalmu mepet bel.” Takonku
“Lho iya ta, iki kan mlebu pisanan kelas XI , dadi ya kudu budhal isuk ben iso milih panggon , wkwk.” Jawabe Yesi cengingisan.
“Walah,, yo bener-bener .”
Wiwit mlebu kelas XI , Aku , Yesi , Saras , lan Santi jarang kumpul-kumpul bareng maneh , saiki uwis padha duwe kanca anyar dhewe-dhewe , yen aku karo Yesi isih serek banget bareng-barang , yen karo Santi kadhang kala , ananging yen karo Saras uwis ratau kumpul , saiki uwis minggu ke 3 kelas XI , ngaso sepisanan aku karo Yesi menyang kantin lan pethukan karo Santi.
“Santiiiiiiiiiii…….” Bengoke si Yesi.
“Walah Yesi, suwe banget ora amor yo , saiki padha duwe kanca anyar terus lali karo aku, nek wayah istirahat wis padha ngilang dhewe-dhewe.” Semaure Santi kanthi mecucu.
“Weh , ora kaya ngono lho San , lawong kelas XI iki tugas e hora umum , mengko yen kelas ku lagi ra ana tugas , kelas mu ana tugas , dadi kan yo angel pethuk.” Semaurku.
“Weh , lha Saras nang ndi e San ? kok ra tau ketok?”
“Aku jarang amor saras Yes , saiki Saras melu Ekstra Film-film ngono lho dadi sibuk , gek yo saiki dekne luwih seneng awor kanca-kanca sing sak ekstra karo dhewekne.” Santi nyauri kanthi rodok susah.
“ Oalah , yowis paling dhewekke repot San , yo kowe ngko nek ra akeh tugas ndang mara wae nyang kelasku, ben ra kesepian wkwk. Eh , tapi saiki kowe yo cerak karo si Nabil ta ? “
“Iya Ren , tapi yo raiso se cedhak lan se loss yen karo kowe kowe.”
“Wah yo jelas San , ra ana sing luwih asyik saka kita kitaaa .” Saute Yesi Kemenyek.
“ Eh , iki wis tanggal 15 ta ? tanggal 20 iki rak si Saras ulang taun , mengko arep padha ngado opo e ?”
“O iyaa Ren , lali aku. Ngene wae piye , neng cerak omahku ana wong bakulan kado-kado , kaya bantal ngunu kuwi , terus mengko awake dhewe pesen bantal sing ana foto pas bareng-bareng, piye ?”  Semaure Santi
“Wah oke wi , sip !!! “ Yesi nyeplos.
“Yowis sesuk aku tak mrono yo bali sekolah.”
“Siipp San. Mengko yen ana apa apa chat WA wae yo.”
“Oke shaapp,”
Theng………………Theng…………….Theng.
“Eh wis bel masuk , ayo padha bali menyang kelas e dhewe dhewe.” Ajake Yesi.
“Yo ayoooooo.”
-----
Dina iki wis cukup semana anggene kanca-kanca kuwi pethuk , saiki wis wayahe bali sekolah.  Sesok isuk e Santi giro-giro ketemu karo Reni ing ngarep gerbang sekolah nalika budhal , Santi crito karo Reni kaya arep nangis.
“Ren….. Reniii !!!!”
“Eh San , lagi budhal kowe yoan?”
“Iyo Ren , tak critani Ren. Aku lagi anyel banget iki .”
“Lha ngapa ta San?”
“Wingi sore ka eta bali sekolah teko omah salin , maem terus aku menyang toko karo si Puri kancaku nang omah.”
“Iyo.. terus piyee??”
“Kan aku tumbas e kuwi ning daerang Ngasem, nah pas bali ki aku keentekan bensin , dadi motor e daktuntun karo si Puri , eh si Sara ski liwat , tapi mung ngingeti bae , ora nakok i opo maneh ngrewangi , kok ngono banget yo ?” Ceritane Santi.
“ Lah ya ampun , kowe ki wingi keentekan bensin , terus motor e mogok?? Lha si Saras liwat dhewe opo karo sapa?”
“Saras wingi liwat karo kanca-kancane kae to, yoh pegel banget aku ngertio aku emoh bela-belani tumbas kado nggo dek e. “
“Hemmmmm,.. yowis neh , paling dek e uwis ora nyaman karo awake dhewe dadi ya sing penting Saras seneng , urusane diwenehi kelancaran , yo menawa sokmben yen antarane awake dhewe , aku , kowe , Yesi , apa Saras ana masalah awake dhewe tetep kudu biyantu ya , aja ana rasa pegel.”
“Iya-iya Ren , eh terus iki pie kadone?? Aku emoh wenehne dekne yoo.”
“Iyo iyo ngko diweneh ne tas e wae pas ngaso , ditulisi surat . Yowis ayo mlebu ndak selak masuk.”
---
Nalika kelas XI Kekancanku ora seakur nalika kelas X, kelas XI iki kanca-kanca uwis nemokake kancane sing luwih nyambung lan luwih cocok karo awake dhewe-dhewe. Ananging ana ing sajroning atiku aku tetep ngarep-ngarep sok mben kekancaku bakal kaya kelas X malih. Saiki uwis wayah unggah-unggahan kelas XII , kelas e wis ora diacak kaya kelas X, aku , Yesi , lan Santi wis ora cedhak maneh karo si Saras , nanging yen ana kesempatan aku kepingin ngomong apik-apik karo si Saras, supaya kekancane iso raket malih kayata kelas X.
Nalika akhir kelas XII , nyedhaki Ujian Nasional ana acara rutin yaiku padha nyuwun donga pangestu Guru-guru lan nyuwun pangapunten marang kanca-kanca , acara iki biasanipun salam-salaman . Kelas XII mubeng sekolah baris-bebaris salim lan nyuwun donga saking Bapak Ibu guru lan adek-adek kelas, sabibare kuwi kelas XII ngumpul dhewe kanggo doa sesarengan , nah nalika iki aku, Yesi , Santi pethuk lan jejer karo Saras . Ana ing kesempatan iki kita padha nyuwun pangapura kanggo kabeh kesalahan sing disengaja lan ora disengaja , karo padha padha dedonga supaya lancer ujian lan iso nggayuh impen-impen. Amarga acara iki kabeh salah paham antarane kanca-kancaku iso diselesekake, lan iso kekancan maneh kaya biyen sanajan ora seraket kelas X.
Ujian Nasional kalaksanan kanthi lancar , lan asilipun sampun medal. Kelas XII lulus sedaya . Saiki wayahe perpisahan , aku , Yesi , Santi , lan Saras lungguh jejer nalika perpisahan , lan foto foto bareng , ugi padha cerita apa sing di cita-cita ke. Aku kepingin lanjut Kuliah , Yesi , Santi lan Saras iyo pengin lanjut sekolah maneh.
Waktu iku rasane cepet banget , ora kerasa yen saiki cita-citaku lan kanca-kanca padha-padha iso direngkuh. Saiki aku lan kanca-kancaku urip lan berjuang  ana ing kutha kang beda beda kanggo sekolah , ananging komunikasi isih lanjut sampe saiki.
-       T AM A T-


















Selasa, 17 Oktober 2017

Cengkorongan cerita


1. Aku karo Gadis mlebu kuliah busana dina rebo awan, nalika lagi nunggu bu dosen Gadis nyilih kenthokan kuku. Daksilihi ananging dak kon njupuk dhewe neng jero tas.
2. Ora let suwi bu Dosen rawuh , banjur padha mlebu kelas. Lungguh anteng ngrungokake apa kang diandharaken dening bu Dosen.
3. Bibar kuliah busana , banjur padha pindhah neng gedhung  PLA (Pusat Layanan Akademis) kanggo jam kuliah Etika.
4. Aku ora kelingan yen kethokan kuku ku disilih Gadis lan uwis dibalekne , kelinganku wayah kuliah Etika, Gadis arep nyilih maneh kethokan kuku iku .Aku bingung dak goleki neng njero tas nanging ora ketemu , aku engkel-engkelan karo Gadis yen kethokan kuwi durung dibalekne , nanging gadhis yo ngeyel yen uwis dibalekne.
5. Ngelingi yen aku iki bocah e lalen , dadi  yo dak trima wae menawa aku sing salah lan lali ndekek.
6. Sing dadi perkara ora gara-gara kethokan kukune ilang , ananging neng kethokan kuku kuwi gumantung kunci kos ku . Dadi ya kunci kos ku dadi ilang, lan aku ora nduweni kunci serep.
7. Kuliah rampung , aku karo Gadis langsung bali menyang kos  . Teka ngarep kamar aku lan Gadis meneng wae , mikir kepiye carane kanggo mbukak lawang .
8. Aku mara neng pawon nemu garpu.  Aku kelingan yen mbiyen tau kunciku ketlisut lan mbukake gembok nganggo garpu.
9. Aku karo Gadis uwis kaya tukang mbobol kamar .Nguthak-Nguthik gembok nganggo garpu, ning suwe-suwe yo isa kebukak .

Selasa, 10 Oktober 2017

Cerita pengalaman

          Taun 2016 aku lulus SMA. Aku kepingin neruske kuliah , ananging aku ora lulus seleksi SNMPTN . Aku kudu melu SBMPTN yen pingin kuliah , tapi aku bingung amarga pelajaran-pelajaran SBMPTN iku angel banget ,aku kangelan yen sinau dhewekan.
         Wayah sore bali sekolah aku dijak mbakyuku melu daftar les khusus kanggo sinau SBMPTN ananging kudu asrama sesasi ,aku isih bingung kudu melu opo ora . Wayah aku teka omah aku cerita marang ibuku , aku nyuwun pamanggih saking ibu. Ibuku nyaranke yen aku pingin melu yo melu wae mumpung ujian nasional uwis bar.  Aku isa fokus sinau kanggo mlebu kuliah ,banjur aku sidane daftar bareng karo mbakyu ku.
        Peserta sing dijukuk kanggo les 60 wong ,alhamdulillahe aku ketompo. Tanggal 22 April aku menyang asramane , aku budhal diterne dening masku numpak sepeda montor . Jadwal kanggo pembukaan les diwiwiti jam 14.00 ,aku budhal saka omah jam 13.00 . Wektu sing dibutuhne kanggo teka nggon yaiku 30 menitan ,pikirku aku ora bakal keri. Nanging sapa ngerti neng tengah dalan udan , aku dadak ngiyub dhisik , dadine aku ngehubungi panitia les wenehi kabar yen aku isih kebetheng. Udane ora terang terang akhire aku nekad motoran sanajan isih udan .
     
   

BANK SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA KURIKULUM K13 JAWA TIMUR

  PENILAIAN HARIAN MATA PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS 8 MATERI CERKAK SMPN 1 KENDAL. TAHUN PELAJARAN 2022/2023   Waosen soal menika kant...