* Ana waru ambune langu
Aja turu ayo sinau
* Mlayu-mlayu dina minggu
Awakmu ayu yen ngguyu
*Tuku klasa ning Surabaya
Sapa gelem rekasa bakale mulya
*Awan bengi ora bisa Turu
Amung sliramu sing tak tunggu
*Mbak Sinden tuku kara
Baline ketemu tarno
Ora ngapa yen kelara
Marga aku kebacut tresno
* Tuku pare bareng santi
Baline nyandung kwali
Isuk sore wis tak anti
Jebul kowe malah nglali
Tidak ada komentar:
Posting Komentar