Selasa, 12 September 2017

RESENSI NOVEL " PRAU GETHEK NYEBRANG JALADRI" Karyanipun Ir.H.Soekirman


Resensi Novel 

"Prau Gethek Nyebrang Jaladri"

Karyanipun Ir.H.Soekirman

Gambar terkait



Dening :

Nama : Riska Wahyu Putri

NIM : 16205241040


Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Yogyakarta

2017





RESENSI NOVEL
“ PRAU GETHEK NYEBRANG JALADRI”
Karangan : Ir.H.Soekirman





      1.  IDENTITAS BUKU
a.       Judul    : Prau Gethek Nyebrang Jaladri

b.      Penulis : Ir.H.Soekirman

c.       Penyelaras Akhir : Hafni Indriastuti

d.      Desain Cover :  Haitamy El-jaiD

e.       Penata Aksara : Bongbong

f.       Penerbit : Pura Pustaka Yogyakarta

g.      Cetakan  Pertama : April 2014

h.      Pencetak : Shaida Yogyakarta

i.    Tebal Novel : VII + 248 Halaman

j        Nomor ISBN :978-979-17062-8-5
  
      2.  Sinopsis Novel

Soekirman lair ing desa Tualang,Perbaungan,Serdang Bedagai,Sumatera Utara. Asma Bapakipun Soekirman inggih menika Pak Subardilan , pakaryanipun inggih menika  tani lan laku dagang woh-wohan, asma ibunipun bu Isayaah. Simbah buyut Soekirman asli saking Parakan,Temanggung Jawa Tengah, asmanipun Mbah Sajiman lan Mbah buyut putri saking Blora inggih menika Mbah Halimah. Simbahipun Soekirman inggih menika Mbah Jusuf lan mbah putrinipun mbah Absah.

Nalika Soekirman taksih alit antawisipun taun 1958 Bapakipun Soekirman seda,lajeng Soekirman dipunrawat dening Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin. Lajeng Ibunipun Soekirman pindhah dhateng desa Pagar Jati,Lubuk Pakam. Ing desa Pagar Jati Soekirman dipunsekolahaken ing Sekolah rakyat ngantos dumugi tahun 1962.


Pakdhe Ngadimin menika njabat ketua RT ing desa Pagar Jati lan mucal tiyang-tiyang desa maos lan nulis ingkang langkung dipunkenal istilahipun PBH (Pemberantasan Buta Huruf), amargi mucalipun pakdhe menika wonten ing dalemipun piyambak,dadosipun Soekirman tumut sinau sanajan dereng sekolah. Dadosipun nalika mlebet SR Soekirman sampun pinter maos lan nulis.

Wiwit alit Soekirman sampun dipundidik supados saged nandangi Pakaryan menapa kemawon. Desa Pagar jati menika wonten ing pinggiripun margi kang dados jalur utama Sumatera,kitha kecamatan Lubuk Pakam tebihipun kirang langkung 4 Km saking desanipun . Nalika SMP , Soekirman bidhal mantuk sekolah menika mlampah ananging kadhang-kadhang menika nitih pit onthel. Nalika mangsa ketiga Soekirman asring nandur tomat,jagung,sorgum, Lombok lan sayuran. Pengalaman ingkang boten saged dipunlalekaken inggih menika nalika Soekirman kekancan kaliyan tiyang Batak,saengga Soekirman menika saged basa Batak.Soekirman menika bocah ingkang sregep ngaji,Sholat, taraweh saha ngayahi pakaryan kangge kebutuhan Sosial kemasarakatanwonten ing desanipun.

Soekirman asring pikantuk dongeng saking Pakdhenipun nalika taksih alit. Soekirman menika nyuwun pirsa dhateng pakdhenipun babagan sejarahipun tiyang Jawi saged dugi ing tlatah Serdang Begadai. Lajeng pakdhe Ngadimin cariyos babagan sejarahipun supados anak putu saged mangertos  sejarah ingkang sampun kalampahan. Kirang langkung taun 1900 Mbah Sajiman lan Mbah Halimah bidhal saking Tanjung Cina Semarang boten langsung tumuju Deli,ananging mandhap riyen wonten ing Singapura rumiyin,kekalihipun dagang panganan nganti 2 taun. Salajengipun simbah buyut nyabrang nuju Tanah Deli nyusul paklik ingkang sampun ngumbara langkung riyen. Taun 1904 simbah buyut pindhah dhateng Perbaungan,Kesultanan Serdang, ing taun menika ugi simbahipun Soekirman lair, inggih menika mbah Jusuf lair ing desa Tualang.Asal mulanipun sami ngumbara dhateng Sumatera utawi Tanah Deli menika boten jelas, kinten-kinten menika kangge ngrubah nasib.

Soekirman mbangun bali wisma (bebrayan) nalika umur 27 taun, tanggal 14 Maret 1982. Nalika semanten Soekirman sampun makrya wonten ing USU kanthi jabatan Asisten Dosen pangkatipun Gol II/b ing Fakultas Pertanian USU, Soekirman nggih nyambi mucal ing STM Pertanian Lubuk Pakam. Garwanipun Soekirman menika Marliah,bidan ing Puskesmas Pagar Jati, gadhah putra 5. Pendawa Lima, putranipun Soekirman lan Marliah sampun nate dipunruwat ngagem tata cara adat Jawa tanggal 14 Maret 2007. Putra kang pembajeng anama Searca Agung Nugraha, Nomer kalih Panji Septocahyo,Ketiga Dimas Triadji, kaping sekawan Dipa Wicaksono,lan ragilipun Prasetyo Feldafing.

Soekirman lan ibu boten kendhat anggenipun nyukanisesorah supados putra-putranipun njagi sopan santun dhateng tiyang ingkang langkung sepuh,piwulang agama uga dipunwucalaken marang putra-putranipun, saliyanipun kluwarga menika uga mentingaken pirembugan. Budaya ingkang diwulangaken inggih menika unggah-ungguh ,ngajeni tiyang sanes,boten sewiyah-wiyah marang tiyang alit,lan boten pareng dumeh.

Soekirman menika uga tumut sanau non-gelarkang ilmunipun saged kangge jawab tantangan wonten ing masarakat sadina-dinanipun. Kursus ingkang nate dipuntumuti inggih menika AMDAL,Perencanaan partisipatif,perencanaan pembangunan,pertanian organic,leadership pedesaan lan community development. Soekirman langkung remen kaliyan Ilmu Sejarah ,Bahasa Indonesia utawis IPS.

Kanthi lembaga menika Soekirman bebas nyukani gagasan-gagasan pembangunan Partisipatif kangge ngrembakaken Swadaya Masa aka ting padesan. Dherek organisasi menika ugi dipunlampahi dening Soekirman kangge nambah pengalaman lan idealism kepemimpinan. Taun 1980 sasampunipun angsal gelar BSc ing babagan pertanian, Soekirman dados pegawe Negri Sipil , posisinipun dados asisten dosen. Taun 1983 namataken S1 lan golonganipun mindhak dados III/a,lajeng dipunangkat dados dosen Mekanisasi Pertenian. Piyambakipun ugi nyambi dados konsultan pembangunan pabrik gula ing SUMUT jabatanipun site engineer.Ing njaban kampus sareng kaliyan anak-anak pecinta alam ngedegaken pakumpulan kangge ngembangaken swadaya warga masarakatdesa Bintarni ing taun 1980 lan taun 1986 dipungantos dados Yayasan Bitra Indonesia. Piyambakipun ugi aktif ing Organisasi tarap nasionalsaengga kepilih dados Presidium WALHI Nasional 1983-1989,pengurus Sekretariat Bina Desa Jakarta 1990-1996.

Garwanipun Soekirman ingkang keturunan Suku Batak menika ndadosaken Soekirman lan kluwarga tumut wonten adicara adat Batak,ingkang langkung becik malih piwulang-piwulang lan budaya jawa ingkang sae saged dipungabungaken kaliyan nilai Sumatera ingkang dinamis lan ditrepaken ing urip bebrayan.Soekirman menika salah satunggaling tiyang ingkang aktif wonten ing Pujakesuma, inggih menika organisasi warga Jawa ingkang ngumbara wonten ing Sumatera.

Soekirman inggih asring tetuwi ing Kraton Surakarta kangge Silaturahmi lan sinau tradisi leluhur, dangu-dangu Soekirman langkung remen dhateng budaya gagrak Surakarta kang nglimputi babagan sejarah estetsi lan filosofi. Usahanipun kangge mujudaken Propinsi Daerah Istimewa Surakarta ,Soekarmin tumut ngusulaken Sinuwun Paku Buwana X dados pahlawan Nasional.

Tanggal 16 Mei 2011,dina senen Soekirman lan garwanipun tetuwi ing Yogyakarta,sebanjuripun tetirah marang asal-usul leluhuripun ing desa Bagelan Purworejo. Soekirman lan garwanipun pancen keturunan asli Jawa.

Griya kagunganipun Joyokusumo katelah Ndalem Joyokusuman,Griya kagunganipun Soekirman uga saged dipunwastani Ndalem Kirmanan. Saderengipun manggen wonten ndalem menika kluwarga Soekirman kedah  purun Lara Lapa Tapa Brata. Innamal usri’usra. Ing suwalikipun kasusahan mesthi wonten kesenengan. Kangge gadhahi hak milik mbetahaken wekdal kang dawa. Kayat unen-unen sedikit demi sedikit lama-lama menjadi bukit. Saking tabungan ingkang boten sepinten menika Pak kirman lan bu Kirman nyelengi nganthi gemi nastiti. Syukur Alhamdulillah taun 2000 omah kontrakan menika dados hak milik kluwarga Soekirman.



Dinten minggu tanggal  5 Juni 2011 watara tabuh 14.00 Soekirman ngadani pagelaran wayang purwa kanthi lakom "Wahyu Cakraningrat " . Pengiringipun saking paguyuban Seni Suko Budoyo. Srampungipun pagelaran para niyaga sami rerembagan babagan seluk beluk sejarahipun budaya Jawa.

Jawa punika panggenanipun raos. Mula wonten kang ngarani Jawa Jiwa Kang Kajawi.Budaya abangan condhong marang mistik,olah raos,adat,tradisi,barang-barang kuno,cagar budaya,lan tilaran sejarah.

Menawa ditilik saking perspektif sosio linguistik, nami Soekirman jelasipun asli jawa. Su = Endah, Kirman=Pakaryan. Ancasipun supados kang ngagem asma menika saged nglampahaken pakaryan kanthi ati kang endah lan pungkasanipun pikantuk asil kang endah.

Wonten ing sadinten-dintenipun Soekirman sregep nindakaken syariat wiwit saking rukun Islam , sedayanipun sampun ditindakaken kanthi jangkep lan sampurna.Ananging,Soekirman sakluwarga boten nate nilaraken babagan ritual lan tradisi.


    3.   Kaluwihan Novel
a.       Novel menika gadhah amanat ,piwulang-piwulang ingkang sae lan saged dipunpundhut kangge dipuntrepaken wonten ing bebrayan kaliyan masarakat.
b.      Novel menika basanipun gampil dipunmangertos.
c.       Novel menika ngemot kathah cariyos sejarah Jawa, lan wonten tembang-tembang macapat.
d.      Novel menika ngemot piwulang menawi kita tiyang jawi kedah nglestarikaken budaya Jawi sanajan kita urip wonten ing luar Jawi.

     4.      Kekirangan Novel

Novel menika taksih wonten tembung-tembung ingkang penulisanipun kirang leres, kayata penulisan “d” kaliyan “dha” wonten ing tembung :
-          Adine (waca 1) ingkang leres menika adhine,ingkang tegesipun rayinipun.
-          Kadang-kadang (waca 2) ingkang leres Kadhang-kadhang ingkang tegesipun  kala-kala, bok menawa sok

-          Lsp.

  5. Unsur Intrinsik Novel
    Ø  Tema : Lakon gesangipun Soekirman 
  Ø  Penokohan dan Perwatakan
No
Nama
Watak

Kadang Tani
Rajin

Soekirman
Pinter , Sregep sinau, seneng cerita sejarah , Pekerja keras, mempunyai tekad yang tinggi,tidak mudah putus asa,berani mencoba,berani menanggung resiko,mencintai budaya jawa , menjaga jati diri . suka membantu,seneng sinau tradisi leluhur,sederhana, amanah , professional, gemi nastiti,Rajin bekerja, Sholeh ,

Bapake Soekirman : Pak Subardi
Tresna marang Soekirman ,

Ibune Soekirman    : Bu  Isayaah
Baik

Mbah Sajiman     
Rajin Bekerja, Pekerja Keras, Suka menabung,premati,

Mbah Halimah
Baik,pekerja keras,,setia, suka menabung

Mbah Jusuf
Baikpekerja keras, setia, suka menabung ,

Mbah Absah
Baik,

Mbah Tuminem
Baik,

Budhe Sanikem
Penuh Kasih sayang,Tulus, Baik ,mencintai sejarah,   

Pakdhe Ngadimin
Sederhana, penuh kasih saying,pekerja keras, Peduli terhadap sesama, mencintai sejarah,

Mbah Dipowijoyo
Pekerja keras,

Mbah Sowen
Baik

Marliah = Garwane Soekirman
Baik, suka melestarikan dan mewariskan budaya jawa (unggah-ungguh ,sopan santun terhadap orang lain) , gemi nastiti,

Searca Agung Nugraha
Rajin ,Pintar ,Menghormati orang lain

Panji septocahyo
Rajin ,Pintar ,Menghormati orang lain

Dipa wicaksono
Rajin ,Pintar ,Menghormati orang lain

Prasetyo feldafing
Rajin ,Pintar ,Menghormati orang lain

Bapak Erry Nuradi
Amanah ,Baik

Warga
Mendukung Soekirman

pujakesuma
Cinta budaya jawa

Masyarakat Batak
Peduli dengan makan leluhur , terbuka dengan suku lain, bisa hidup dengan suku lain dengan adem ayem

Buruh jawa
Bisa hidup dengan rukun dengan warga Sumatera,
Permadi SH,
Semangat, kritis , pemberani,

Pangrawit
Cinta Budaya Jawa, terampil ,

Wong-wong desa Pagar Jati
Mau belajar

Tokoh adat


Sutrimo Handoyo
Agamis

Bocah cacat
Aktif,percaya diri (buktinya dengan keadaan cacat masih mau bermain di pelataran)

Simbahe bocah
Ora wani menehi keputusan

Ibune bocah
Pekerja keras
Hanafi
Suka membantu

Pak barori
Ramah
                     
   Ø  Setting
a.    Waktu :

Ing wayah esuk

Taun 1904

Pendhak Sore

Tahun 1920

Wayah Soekirman Cilik

Tekan saiki

Ing mangsa katiga

Umur 27 taun

Nalika kekancan karo bocah batak

14 Maret 1982

Nalika sekolah ing SR

14 Maret 2007

Kurang luwih taun 1900

Sedina-dinane

Taun 1902

Wiwit kelas V

Sawise nang SMP

Taun 1975

Taun 1986

Wiwit dadi mahasiswa

Taun 1980

Nalika pelatihan

Dhek semana

Sawise entuk gelar BSc

Tahun1983

Pabrik Gula Sumatera Utara

1983-1989

1990-1996

2004

2005

Sadurunge manggon ing omah iku

2009

Dina minggu 5 juni 2011 jam 14.00

Rampung acara wayang

Jam 23.00

Sawise 15 taun

7 juni 2011

Esuk umun umun

Pemerintahan Orde Baru

2003

2005



b.    Latar/Tempat

Sawah

Lubuk

Kali sei ular

Tlaga

Kiwa tengenen desa Tualang

Tanjung Cina Semarang

Desa Tualang , Perbaungan,Serdang Bedagai,SumUt.

Singapura

Pagar Jati,Lubuk Pakam

Tanah Deli

Sekolah Rakyat Pagar Jati

Kesultanan Deli,Medan

Sawah

Kesultanan Serdang

Kolam pinggir sawah

Tlatah Kesawan

Kutha  kecamatan Lubuk Pakam

USU


STM Pertanian Lubuk Pakam

Padesan

Puskemas Pagar Jati

Asrama Mahasiswa

Ing masarakat

Rumah sakit

Surakarta

Ing tengah ndalan

Ndalem kirmanan

Garasi

pelataran

Ruang tamu

Ruang tamu

Ruang blajar

Ruang makan

Kamar tidur

Kamar mandi

Perpustakaan

Pakemon

Dataran tinggi karo

Ing pinggir dalan

Ing kono kene

Gedung Johor Medan

Kecamatan Gajahan

Ngayogyakarta

Surakarta

Purwarejo

Hotel Jayakarta

Masjid

Omah keluwarga marlinah kang cedhak kali bogowonto

Temanggung jawa tengah















c.    Swasana

Tentrem

Penuh syukur

wigati

Asri

Sayah

Edi peni

Bingah

Aman

Bebas berpendapat

Nyaman

Semangat

Rapi

Susah

Ayem tentrem

Rekasa

Ijo royo royo

Rame

Sigrak

Kangen

Guyub rukun

Pangerten.

Seger

khusuk



d.    Alur : Maju Mundur
e.    Sudut Pandang : Orang Ketiga
f.     Amanat :
a.    Sejauh apapun kita pergi , tetap harus melestarikan dan mempertahankan budaya Asli
b.    Menjaga Jatidiri dan budaya, tidak silau dengan kehidupan modern
c.    Bekerja keras, berani mengambil langkah dan resiko untuk mencapai sebuah cita-cita
d.    Tetap menjadi seseorang yang sederhana walaupun sudah berada pada derajad yang tinggi’
e.    Tidak menjadi kacang yang lupa kulitnya
f.     Tidak melupakan sejarah dan mengambil nilai nilai positif dari kehidupan yang lalu
g.    Hidup berdampingan dengan suku lain secara damai dan tentram
h.    Mencintai Budaya
i.      Menghormati Sesama

6.      Manfaat Novel

Novel menika gadhah kathah sanget manfaatipun kayata kita sedaya dados langkung mangertos ugi paham menawi tiyang jawa menika boten angsal ical jawinipun. Cariyos lakon Soekirman ing novel  menika saged dipundadosaken tuladha pripun prenahipun menawi bebrayan , sosialisasi,nggayuh angen-angen,lsp.


Sakmenika resensi kula babagan Novel "Prau Gethek Nyebrang Jaladri" , wonten ing panulisan menika taksih kathah sanget kekirangan,dadosipun kula nyuwun pambiyantu kanca-kanca supados purun paring Kritik ugi Saranipun. Maturnuwun :) 


9 komentar:

BANK SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA KURIKULUM K13 JAWA TIMUR

  PENILAIAN HARIAN MATA PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS 8 MATERI CERKAK SMPN 1 KENDAL. TAHUN PELAJARAN 2022/2023   Waosen soal menika kant...