Taun 2016 aku lulus SMA. Aku kepingin neruske kuliah , ananging aku ora lulus seleksi SNMPTN . Aku kudu melu SBMPTN yen pingin kuliah , tapi aku bingung amarga pelajaran-pelajaran SBMPTN iku angel banget ,aku kangelan yen sinau dhewekan.
Wayah sore bali sekolah aku dijak mbakyuku melu daftar les khusus kanggo sinau SBMPTN ananging kudu asrama sesasi ,aku isih bingung kudu melu opo ora . Wayah aku teka omah aku cerita marang ibuku , aku nyuwun pamanggih saking ibu. Ibuku nyaranke yen aku pingin melu yo melu wae mumpung ujian nasional uwis bar. Aku isa fokus sinau kanggo mlebu kuliah ,banjur aku sidane daftar bareng karo mbakyu ku.
Peserta sing dijukuk kanggo les 60 wong ,alhamdulillahe aku ketompo. Tanggal 22 April aku menyang asramane , aku budhal diterne dening masku numpak sepeda montor . Jadwal kanggo pembukaan les diwiwiti jam 14.00 ,aku budhal saka omah jam 13.00 . Wektu sing dibutuhne kanggo teka nggon yaiku 30 menitan ,pikirku aku ora bakal keri. Nanging sapa ngerti neng tengah dalan udan , aku dadak ngiyub dhisik , dadine aku ngehubungi panitia les wenehi kabar yen aku isih kebetheng. Udane ora terang terang akhire aku nekad motoran sanajan isih udan .
Pengalaman lulus SMA
BalasHapuswkwk bener
Hapus