Jumat, 29 September 2017

Analisis Film "Sri Ngilang"


Nama : Riska Wahyu Putri
Ingkang dipunkaji : Film “ Sri Ngilang” .Karyanipun Mahasiswa ANU,

SRI NGILANG
(Ngarep perpustakaan , cedhak dalan gedhe)
Suparto : “Dhung ,Landhung ! Nyang nengdi kowe?”
Landhung : “Hei To , Aku ar p n ng kose Sri ”
Suparto :” Haaa Sri sing ayu ? Kancane Narsih. Lohh kos e Sri nang ng ndi?”
Landhung :”C dh k pasar l mpuyangan”
Suparto : “ C dhak pasar L mpuyangan ?Loh, tak kir  kidul omahe Bu Sardi”
Landhung :”Kidul omahe Bu Sardi? Ora..ora ng rti l r kidul. C dhak pasar L mpuyangan  t .”
Suparto :” Ahh ..”
Landhung :” Lha kowe ? Kowe ar k m nyang ng ndi ?”
Suparto :”Anuu , aku iy  ar k nang g ne kose Sri ”.
Landhung :”Ooo ngono to ,tak kira lung  nang kampus. N k ngono bar ng yoo ! Kowe seneng ketemu karo s p ? Narsih p  karo Sri? ”
Suparto :”Anuu , karo Sri. ”
Landhung :” Oooh seneng ketemu karo Sri to . Kowe seneng karo Sri to ? ”
Suparto :”Oraa… Mung arep sinau,mung arep lunga nang perpustakaan  karo Sri.”
Landhung :” Lunga menyang perpustakaan ? Haa tenane ? Arep sinau ning perpustakaan , apa arep lunga nang Mall Malioboro hayoo ???”
Suparto :”Dhung , Dhung . Aku ngelih banget. Apa kowe ngelih ? ”
Landhung :” ahh pancen ngelih aku”.
Suparto :” Ana duit ??”
Landhung :”Oh yoyoyo ana ,ana. Kowe seneng mangan apa?”
Suparto :”Anuu, aku kepingin banget gudheg. Lha kowe? Kowe mangan apa?. ”
Landhung :”Gudheg ??Aku, aku paling doyan mangan roti karo ngombe kopi manis.”
Suparto :”Ahh, nek ngono lunga ning restoran iki. Enak jare ”
Landhung :” Ooo okelah mathuk ,Ayo lunga nang kana wae !”
Suparto :” Ayo, yoo”.
(Restauran)
Suparto :”Kepenak iyoo, lunga nang kene”
Landhung :”ah,, iyo pancen enak banget,aku seneng banget ngombe ning kene”
Suparto :”Heii, Nur , Narsih !  ”
Nur lan Narsih :”Lho.. mas parto , mas landhung !”
Narsih : “ suwe ora ketemu , padha slamet to?”
Landhung :” yoo ,pancen suwi banget ora ketemu . Kene , kene lungguh ning kene wae !”
Suparto :” Iki mau .. saka ngendi mbak Nur ?”
Nur  :” Ya , saka kos. Saka nangdi maneh ?”
Suparto :” Lha mbak Narsih , saka nangdi mau?”
Narsih    :”Saka Semarang ,numpak bus.”
Landhung :” Saiki , kowe manggon nang Semarang to '?Tak kira isih kos ning Lempuyangan . ”
Narsih :” Ora to , omahku saiki ning Candi ,Semarang.Wis suwe..”
Landhung :” oo enak yo nang kana nang Candi , Candi ora panas to ?”
Narsih :” Pancen , ning adoh saka kutha .Saben dina aku numpak bus menyang kutha , suwee banget. Emm.. Mas Parto , kowe uwis kuliah apa nyambut gawe?”
Suparto :”Ijik kuliah yo , Aku sinau akutansi lan basa Inggris”
Nur lan Narsih :”oo.. ngono”
Landhung :”Lha saiki , kowe arep menyang ngendi ?”
Narsih :”Arek nilik kanca ning rumah sakit .”
Landhung :” Sapa ta ?”
Nur :” Sri , sri kancaku . Sing kos ning lempuyangan .”
Suparto :”Haaa? Sri mlebu rumah sakit ? Adhuh , mesakake ! ”
Narsih :” Iyo , pancen ! mesakake banget. Apa kowe arep melu ning rumah sakit ?”
Landhung :” Iyo oo, arep mangkat jam pira ?”
Narsih :” mengko sore, kira-kira jam 6.”
Suparto :” Jam 6 ? wahh, aku ora bisa. Aku kudu masak ning omah mengko sore.”
Narsih :” kowe kudu masak ? emm nek ngana mengko awan wae, bisa ?”
Suparto :”Aaa, iyo isa isa , numpak apa ? bus apa taxsi?”
Landhung :” ayo numpak becak wae , cukup becak siji kanggo wong papat.”
Narsih :” Wah, yo sek-sekan to wong becake cilik. ”
Landhung :” Lah.. lak malah anget  to nek sek-sekan.”
Suparto :” em.. sik sik mengko sikek , wong tuwa ne apa wis pirsa yen putrane ningbtumah sakit ?
Nur :” Iy ,, iy  wis to. Wong ndek setu kepungkur wis rawuh saka Pacitan ,
Landhung : “ oo, wong tuwane ning Pacitan to? Lha saiki nang ngendi ?”
Nur : “Saiki nang daleme pak Sardi,kae lho pak sardi sing ngasta ning bengkel Sidodadi , kidul bioskop rio.”
Suparto : “ opo wi wong tuane wis pirsa, wis tilik rumah sakit ?”
Nur : “ Iyo wis to , dhek wingi . Ngendikane bapak e sri , Sri lara banget,kecelakaan jare.”
Suparto : “ Mesakke tenan ,  Sakjane ning rumah sakit sing endi to ? Bethesda, Panti Rapih apa rumah sakit Muhammadiyah ?”
Nur : “ Ora ngerti aku. Sing endi ya ? Rumah sakit Bethesda bok menawa,”
Landhung :” Apa oleh tilik?”
Nur :” Mesthine kepareng to .”
Suparto :” Nek ngono mangkat saiki ayo , aku kepingin   weruh apa Sri tenan lara parah  “
Landhung :” Aku iyo ,pengen ngerti apa sing kedadeyan karo sri.”
Suparto : “Nek ngono , bareng wae yok mangkat saiki.
Landhung :” sik , ngko sik . Urung bayar
Suparto : “ O iyo ,aku meh lali . Mbak ! Mbak ! pira iki ?”
Mbak sing bakulan :” Kopine papat ya ? Lha apa maneh ? Ora mangan ?”
Landhung :” Ora mbak , kopi manis papat.”
Mbak sing bakulan :” Ora mangan krupuk apa nyamikan ?”
Suparto :” Ora, ora mbak. Trima kopi patang gelas.”
Mbak sing bakulan :” Kopi sak gelas Rp 5.500, dadi kopi papat ? pira yo? 22 ewu”
Suparto :” Wah , larang banget. Emm nyoh mbak , 30 ewu, isih susuk emm 9 ewu.?”
Mbak sing bakulan:” Lah ? 9 ewu ? susuke mung 8 ewu to ? “
Suparto : “ Oo iyo , pancen 8 ewu. “
(Telp Nur muni)
Nur :” Halo, selamat siang . Yaa saya sendiri .Sapa iki? Hah? Sri ? Kowe saiki nang ngendi ? Nang Magelang ? Sri… Mlayu saka rumah sakit ? Mlayu karo pak Dokter ? Asmane sapa to ? Gunawan ? Sri.. Sri.. kebangetan tenan kowe . Wong tuwamu wis pirsa nek kowe mlayu saka rumah sakit ? Durung ?  Srii .. Magelange nang ngendi ? Ning daleme pak Dokter ? Sri.. Iyo, iyo. Wong tuwamu ? Mengko aku tak sowan karo kanca-kanca .”
Narsih : “ Piye? Piye ?”
Landhung :” Ana apa si Sri ?”
Nur :” Kebangeten tenan bocah kuwi , mlayu saka rumah sakit ora pamit .Mlayu karo dokter . Sing asmane Gunawan jare.”
Landhung : “ Jare Sri kecelakaan , Lha apa wis mari ?”
Nur :” Ora ngerti aku , jarene sri , tabrakanae ora tenanan. Ngapusi jare , Ngakune mlebu rumah sakit muk kepingin ketemu karo dokter , Sri seneng karo pak dokter jare .”
Landhung : “ Kasmaran to karo pak dokter ? Lha saiki kepiye ?”
Narsih :” Sowan wong tuwane sik , wong tuwane during pirsa yen sri mlayu during pamit .”
Suparto :’ Nek ngono , mangkat saiki ning dalem e pak Sardi  Ayoo ! “
Mbak sing bakulan : “ Heel ah , 8 ewu , wis lunga .”
Suparto :” Mbak , mbak , ndi susuke ? (Mbak sing bakulan nyukani susuk) 9 ewu , eh 8 ewu , matur nuwun .”
( Wayah sore dalem e pak Sardi)
Pak Sardi :” Sugeng sonten bu probo , kados pundi ? saged sare ?”
Bu Probo :” inggih saged , skeca sanget “
Pak Sardi :” Inggih , mangga lenggah mriki . Sampun siram ? “
Bu Probo  :” Sampun pak , seger sanget .”
Pak Sardi :” Ngunjuk nggih bu , ngunjuk menapa ? Teh , menapa kopi ? “
Bu Probo :” Wah , sampun pak . Nggih kopi kemawon.”
Pak Sardi :” Yem ,yem ! rene .Kopi kangge ibuk , sing legi yo yem .”
Yem :” Mawi nyamikan boten pak ? “
Pak Probo : “ Kudu , mosok ra nganggo nyamikan  . Pilihin sing apik yo yem .”
Yem :” Nggih pak , mm pak , kala enjing kula sampun tumbas nyamikan dhateng peken . Ingkang saking jepang eco snaget lo pak , nanging radi awis. Ingkang saking India boten eco , nanging murah lo pak.”
Pak Sardi :” wis yem , cerewet banget .Wis ndang dijupukna .”
Yem :” nggih pak , emm anu pak ,kula kinten biscuit saking Jepang langkung legi .Kula remen biscuit saking Jepang lo pak , “
Pak Sardi :” Loh ,loh wis kok pangan ? Awas nek Nyamikane wis entek !”
Bu Probo :’ Emm, sampun pak boten menapa napa . Kopi kemawon sampun cekap.”
Landhung : “ Kula nuwun , kula nuwun .”
Yem :” Mangga , mangga mlebet , mangga lenggah mriki .”
Landhung :” Nganu pak , nepangaken rumiyen ,kula Landhung , menika Suparto kaliyan Nur,kancanipun Sri.”
Bu Probo :” Sri ? Sri anak kula ? “
Landhung : “ Nggih bu , Anggen kula sowan menika badhe ngaturaken kabar putra panjenengan .”
Bu Probo :” Kabar menapa ? Sri dirawat ning rumah sakit Bethesda ? Kula kaliyan bapakipun sampun mrika .”
Nur :” Nggih leres bu , anuu  mekaten bu , kala wau kula pikantuk telp saking sri . Cariyosipun sampun medal saking rumah sakit boten pamit rumiyin . Malah mlayu tekan magelang kaliyan pak Dokter . Cariyosipun Sri, piyambakipun kasmaran kaliyan pak dokter “
Bu Probo :” Kasmaran ?Sri minggat ning Magelang ? Kurang ajar bocah kuwi , Lha dokte niku asmanipun sinten ?
Nur :” Cariyosipun Sri , asmanipun Gunawan .”
Pak Sardi :” Gunawan ? Dokter Gunawan ingkang nyambut damel wonten rumah sakit Bethesda ? Piyambakipun lak anak kula .”
Bu Probo :” Hah ? Putra panjenengan ? Lha anak kula ngantos mlajengaken dugi Magelang , menika kados pundi ?”
Pak Sardi :” Lah anak kula , anak kula ingkang dipun lepataken . Anak kula dados korban . Ingkang lepat inggih putri panjenengan  . Mosok lare setri kok mekaten kelakuanipun .”
Bu Probo :” Loh . Sri bocah sing apik banget atine , tur isih cilik , mosok wani ganggu dokter sing murang tata , iki lak anakmu Wis duwe baja , kok malah wani slewengan karo cah cilik .”
Pak Sardi :” Kowe kok wani ngomong kaya ngunu karo aku ? Kowe ngerti aku iki sapa ? Tak tampa nginep ning omahku  kok malah neranyak ? Hah dasar wog desa  !”
Nur : “ Sabar, sabar pak , sabar buk , sabar . penggalihipun kula aturi dipun sarehaken rumiyin . Boten  apik duka . Sabar , mangga lenggah rumiyin .”
Bu Probo :” Pak Sardi , kula nyuwun pangapunten anggen kula matur kala wau pancen radi kasar ,  Ngapunten pak, “
Pak Sardi :” Sematen ugi kula bu Probo ,  kulak ok saged matur  kasar kados menika wau . Kula nyuwun pangapunten sanget bu ,  Yem ! Yem ! Rene Yem ! Maju mundur kaya ngono kuwi .  Unjukane endi ? “
Yem :” Anu pak , wonten tamu pak  .”
(Pak polisi dugi)
Pak Sardi :” Ana Tamu ?Ning ngendi ? “
Yem :” Wonten ngajeng pak , polisi .”
Pak sardi : “ polisi ? ndang diaturi mlebu wae yem ! kok plonga plongo kaya kethek ! “
Yem :” Mlebet pak ! mlebet mlebet !”
Sedaya Paraga : “ Mangga pak , mangga . “
Pak Sardi :” Lho , ora ana kursi . Yem , ning kamar tengah ana kursi digawa mrene wae .”
Suparto :” Mangga pak , mangga ! lenggah mriki mawon ! “
Pak Polisi :” Sampun dek , sampun . Sampun pak , kula cekap wonten mriki mawon. Wis dhek kursine ning kene wae  , aku cukup ning kene wae wis.”
Pak Sardi :” Yem ! Yem ! unjukane tambah siji yem ! Nyuwun ngapunten pak , taksih anyaran. Dereng dangu dherek teng mriki  ”
Pak Polisi :” Ampun repot pak , kula naming sekdhap kok.”
Pak Sardi :” Oh , naming sekedhap ? Lha ngersakaken pinanggih kaliyan sinten ? kaliyan kula ?”
Pak Polisi :” Sanes.”
Pak Sardi : “ Lho , menawi mekaten kaliyan Bu Probo mesthinipun ?”
Pak Polisi :” Nggih sanes , menapa ngriki wonten ingkang asmanipun Suparto ? “
Bu Probo :” Suparto ?”
Nur :” Suparto ? menika pak mas suparto kanca kula .Kok mas Suparto ingkang dipun padosi ? Lho mas , mas , mas kok jare kowe sing dipadosi polisi , ki kepiye to ?”
Suparto :” Ra ngerti , ra ngerti .”
Pak Polisi :” Menapa leres , panjenengan ingkang asmanipun Suparto ? “
Suparto :” Inggih .., pak… kula Suparto . Wonten perlu menapa kok badhe pinanggih kaliyan kula ?”
Pak Polisi :” Nganu mas, sampeyan kula aturi tumut kula dhateng kantor polisi .”
Nur :” Kan,, kan,, kantor polisii???? Kowe kok arep dijak ning polisi , ana apa ?”
Suparto :” Yo, yo mbuh ora ngerti ,ora ngerti , tenan !”
Landhung :” Wadhuh, wadhuh sirahku mumet banget , ah, adhuhh. Mumet banget . (Semaput )”
(Panik , bingung )
Pak Sardi :” Cilaka iki.”
Nur :” Kenapa ndhung ? Ana apa ta ?” ( Suparto kabur ) Eling ta , eling !”
Landhung :” Boten menapa-menapa kok pak .kula pancen sok semaput kados ngeten mawon.”
Bu Probo :” Lha Parto , wonten pundi ?”
Pak Sardi :” Lho , boten wonten ? mlayu yak e.”
Pak polisi :” Wah , kurang ajar , ayoo di oyak , ayook .” ( Padha buru lan goleki Suparto)
(Pawartos Dalu , Caraka TV)
Wulaningsih : “ Sugeng dalu para pemirsa ,sugeng rawuh wonten ing kiaran pawartas  basa jawi Ing Caraka TV menika . Kula Wulaningsih ,. Para pemirsa dipunlaporaken menawi kala wingi sonten polisi gagal nyepeng setunggaling  nem-neman naminipun Suparto , ingkang dipun dugi dados gerombolan pedagang Narkoba. Kangge informasi langkung jangkep , mangga pemirsa kula aturi midhangetaken keteranganipun Bapak Teguh Prakoso (Polisi),kepala Polres Malioboro ingkang nembe wawanrembag kaliyan wartawan Caraka TV, Endang Winarni . Mangga mbak Endang !”
Endang :” Matur nuwun mbak Wulan. Bapak Prakoso, menawi kula boten klentu Suparto gerombolan Narkoba sak jatosipun sampun kecepeng dening petugas Polisi,lakok saged lolos , menika kados pundi kedadosanipun ? Ketingalipun petugas polisi “ menika wonten pundi ? ”
Prakoso (Polisi) : “ Mangkih rumiyin mbak , sakjatosipun menika  kedadosanipun boten ngaten mbak , pramila leres Suparto sampun saged dipun cepeng nanging lajeng dipunuculaken malih supados lajengipun saged dipunlacak mbok menawi badhe wangsul kempal malih kaliyan kanca –kancanipun . Ngono lho mbak , ora kok polisi ceroboh.”
Endang :” Inggih pak , nuwun sewu pak , menawi boten klentu pun sebat to lak sampun  ngical dipun lacak rak dereng kepanggih to ? Ngantos sepriki ,lak boten wonten ingkang ngertos delekanipun wonten pundi .
Prakoso (Polisi) :” Delika wonten pundi kemawon mesti badhe dipun padosi ngantos kepanggih .”
Endang :” Oh, dadi mila dereng kepanggih?Pandelekanipun ? “
Prakoso (Polisi) :” Loh, sampeyan kok negative , kenging menapa wartawan kok mesti negative ?Ampun waton negative ngeten niku mbak , Ngati-ati lho nek ngomong . Saya menghimbau kepada masyarakat ,Jangan bersikap negative terhadap aparat. Kami adalah pengayom rakyat , Kami terus bekerja keras untuk melindungi rakyat dari segala ancaman , dan segala gangguan , Ingat Itu !!!”
Endang :” Inggih , maturnuwun pak .Para pemirsa mekaten dhawuhipun Bapak Teguh Prakoso saking Polres Ngupasan Malioboro . Kula Endang Winarni caos pelaporan “
Wulan :” Maturnuwun mb Endang . Sakmenika nyandhak pawartos saklajengipun .”
Pungkasaning Drama , wonten adegan nyanyi sesarengan lagunipun “minggat”.


MATURNUWUN


ANALISIS UNSUR INTRINSIK
1.      Tema
Tema saking Drama ingkang irah-irahanipun “Sri Ngilang” inggih menika perkawis “ Kelangan”. Inggih menika wonten Paraga ingkang naminipun SRI ingkang ujug-ujug ngilang wonten ing rumah sakit. Ananing miturut kula wonten malih Tema sanesipun inggih menika “ perkawis Narkoba”.

2.      Paraga  lan sipatipun
1.      Sri , menika gadhah watak ingkang kirang becik , nekad , kuranga ajar .  Ananging paraga menika boten dherek wonten ing drama , namung dipun cariyosaken lan dados Paraga ingkang utama.
SIpat menika saged dipun buktikaken saking pangucapan paraga sanesipun kayata ,
Bu Probo :” Kasmaran ?Sri minggat ning Magelang ? Kurang ajar bocah kuwi , Lha dokter niku asmanipun sinten ?
2.      Gunawan , Paraga menika inggih boten ketingal sandiwaranipun wonten ing drama menika , ananging kangge sipatipun saged dipuntingali saking pangucapan tokoh ingkang beberaken menawi Gunawan menika mlayu kaliyan Sri dhateng Magelang. Dadosipun saged dipundudut menawi sipatipun Gunawan menika , kurang tanggung jawab , boten setia , boten kendhel .
Buktinipun saking sipat menika , kayata :
Bu Probo : ” Loh . Sri bocah sing apik banget atine , tur isih cilik , mosok wani ganggu dokter sing murang tata , iki lak anakmu Wis duwe baja , kok malah wani slewengan karo cah cilik.”
3.      Suparto
Menika ingkang gadhah sipat kirang sae ugi , amargi dados geng Narkoba , licik , Ngapusi , Pelit( saged dipunbuktikaken nalika tumbas kopi wonten ing restaurant) , ananging perhatian kaliyan kanca.
4.      Nur :
Gadhah sipat ingkang sae, apikan , perhatian lan peduli kaliyan kanca-kancanipun,sopan kaliyan tiyang sepuh.
5.      Narsih :
Gadhah sipat ingkang sae, apikan , perhatian lan peduli kaliyan kanca-kancanipun.
6.      Landhung :
Apikan , radi seneng apus-apus( saged dipun buktikaken nalika wonten polisi , lajeng Landhung macak semaput.) , cerdik , apikan kaliyan kancanipun.
7.      Pak Sardi :
Sae, remen tinulung ( Nulungi Bu Probo kangge nginep wonten ing dalemipun) , Radi kasar ugi nalika emosi , sekedhik sombong ( saged dipun buktikaken kaliyan tembung menika
“ Kowe apa ora ngerti aku iki sapa ?”, purun nyuwun pangapunten menawi lepat,  sayang kaliyan putranipun, sopan lan ngajeni tamunipun.
8.      Bu Probo
Sae, sopan , radi emosian , sayang kaliyan putrinipun , purun nyuwun pangapunten nalika gadhah salah.
9.      Yem
Cerewet , radi boten pati dong , manut.
10.  Mbak bakulan kopi.
Teliti ( saged dipunbuktikaken nalika Suparto susukipun 9 ewu , ananging  si mbak neliti malih,lajeng ngertos menawi susukipun 8 ewu.
11.  Pak Polisi
-          Tegas , radi sekdehik emosian , sopan.
12.  Wulan
Sae anggenipun dados reporter pawartos
13.  Endang
Radi negative pemikiranipun dhateng narasumber, sae.
3.      Latar
A.     Latar Tempat :
1.      Ngajeng Kampus
2.      Restauran
3.      Magelang
4.      Rumah sakit Bethesda
5.      Dalemipun pak Sardi
6.      Kantor polisi malioboro
B.     Latar waktu
1.      Nalika enjing
2.      Nalika siang
3.      Nalika sonten

C.     Latar suwasana : dugi lan badhe nyepeng Suparto.
1.      Asyik .Nalika Suparto sakanca kumpul sareng lan cariyos-cariyos.
2.      Ayem , Nalika pak Sardi  wicantenan kaliyan  Bu Probo
3.      Megelne, Nalika pak Sardi radi pegel utawi kesel kaliyan si Yem.
4.      Prihatin, Nalika kanca-kancanipun Sri kempal , lajeng mangertos menawi Sri saweg sakit.
5.      Kuciwa, Nalika kanca-kancanipun sri saha tiyang sepuhipun Sri mangertos menawi Sri medal saking rumah skait boten pamit.
6.      Tegang
Nalika Pak Sardi kaliyan Bu Probo salah-salahan , Nalika  Pak Polisi
4.      Alur
ALur maju , cariyos menika kasusun kanthi kronologinipun.
Wiwitanipun drama menika nyariyosaken Suparto ingkang badhe dolan dhateng kosipun Sri , lajeng kepethuk kaliyan  Landhung, lajeng Suparto kaliyan Landhung tumbas kopi wonten ing restoran kepanggih kaliyan Nur lan Narsih , ingaknag nyariyosaken menawi Sri sakmenika dipunrawat wonten ing umah sakit Bethesda jalaranipun kacilakan , ananging nalika badhe tilik, Nur angsal telp saking Sri, Sri nyukani kabar bilih piyambakipun sampun medal skaing rumah sakit boten pamit , piyambakipun lunga menyang Magelang tumut dokter Gunawan , amargi Sri menika kasmaran kaliyan dokter Gunawan.
Nalika angsal pawartos menika , Nur kaliyan kanca sanesipun sowan dhateng dalemipun pak Sardi, amargi wonten dalemipun pak Sardi menika ibu saking Sri Sare(Nginep ) . Nur nyariyosaken dhateng ibunipun Sri perkawis menika.
Lajeng nalika wonten ing tengah-tengah pawincatenan , wonten polisis ingkang dugi lan badhe nyepeng Suparto, amargi suparto menika salah satunggaling Bandar Narkoba.
5.      Gaya Bahasa
Wonten ig drama menika ngginakaken basa jawa  Ngoko ingkang campur kaliyan Basa krama, amargi ingkang paraga menika boten tiyang jawi asli dadosipun kathah pangucapan tembung ingkang boten leres. Wonten ing drama menika inggih wonten dialog saking Pak Sardi ingkang ngginakaken Majas Simile “ Dadi wong aja plonga plongo kaya kethek Ketulup”.
6.    Sudut Pandang
Sudut pandang ingkang dipunginakaken dening pengarang ingginh menika sudut pandang orang ketiga


7.      Amanat
a.       Setunggal kanca kaliyan kanca sanesipun kedahipun sami-sami ngasihi
b.      Boten ngilang-ngilang , lan nggawe tiyang sanes kuciwa, khawatir.
c.       Tindhak laku dening tamu menika kedah ngajeni
d.      Nalika emosi dikathah-kathahi Sabar , nyarehaken penggalihipun.
e.       Boten nyobi-nyobi barang ingkang boten sae.

f.       Ngurmati lan dukung aparat ingkang sampun kerja keras kangge ngelindungi rakyatipun.

BANK SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA KURIKULUM K13 JAWA TIMUR

  PENILAIAN HARIAN MATA PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS 8 MATERI CERKAK SMPN 1 KENDAL. TAHUN PELAJARAN 2022/2023   Waosen soal menika kant...