Minggu, 24 Juli 2022

ABSTRAK SKRIPSI FONOLOGI "Analisis Kalepatan Fonologis wonten ing Naskah Drama "Lelakon: Urip dilakoni kanthi waras lan trengginas" Anggitanipun Andy Eswe

KALEPATAN FONOLOGIS ING NASKAH DRAMA IRAH-IRAHAN “LELAKON URIP DILAKONI KANTHI WARAS LAN TRENGGINAS” ANGGITANIPUN ANDY SRI WAHYUDI

 Dening: Riska Wahyu Putri
NIM 16205241040

SARINING PANALITEN

 Panaliten menika ngrembag bab kalepatan fonologis ing naskah drama “Lelakon Urip dilakoni kanthi Waras lan Trengginas”. Kalepatan fonologis ingkang dipunrembag ing panaliten menika wonten tigang prakawis. Prakawisprakawisipun menika bab wujuding kalepatan, fonem menapa kemawon ingkang lepat, saha papanipun kalepatan. Panaliten menika kalebet jinising panaliten deskriptif. Sumber data-nipun naskah drama ingkang dipunserat dening Andy Sri Wahyudi kanthi irah-irahan “Lelakon Urip dilakoni kanthi Waras lan Trengginas”, bilih wujud saking datanipun inggih menika kalepatan fonem wonten ing naskah drama Lelakon. Cara ngempalaken data-nipun inggih menika kanthi teknik nyerat saha maos. Instrumen ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika human instrument saha tabel analisis data.Salajengipun, cara kangge analisis data-nipun kanthi cara ngempalaken sadaya kalepatan fonologis, salajengipun dipunserat ing tabel analisis data, dipun-identifikasi miturut wujuding kalepatan saha mapanipun kalepatan. Cara analisis data ingkang pungkasan inggih menika kanthi ngoreksi fonem ingkang lepat saha nyerat fonem ingkang kedahipun leres. Uji Validitas ingkang dipunginakaken kangge ngesahaken data inggih menika kanthi validitas triangulasi teori saha validitas semantis dene reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intrarater. Asiling panaliten menika kapanggihaken kalepatan ewahing fonem, sudaning fonem, saha tambahing fonem vokal, konsonan, saha semi vokal wonten ing naskah drama “Lelakon Urip dilakoni kanthi Waras lan Trengginas”. Wujud kalepatan ing fonem vokal inggih menika /a/ dipunserat e, /ɔ/ dipunserat o, /i/ dipunserat e, /u/ dipunserat o, /a/ dipunserat i, /e/ dipunserat i nedahaken kalepatan ewahing fonem, fonem /ə/ nedahaken sudaning fonem, saha fonem /i/ nedahaken tambahing fonem. Wujud kalepatan fonem konsonan inggih menika fonem /ḍ/ dipunserat d, /g/ dipunserat k, /ṭ/ dipunserat t saha /d/ dipunserat t nedahaken ewahing fonem, fonem /k/ saha /h/ nedahaken sudaning fonem, fonem /m/, /n/, /k/, /h/ saha fonem /ŋ/ nedahaken tambahing fonem. Wujud kalepatan semi vokal inggih menika /w/ dipunserat u nedahaken ewahing fonem, /w/ saha /y/ nedahaken sudaning fonem, saha /y/ nedahaken tambahing fonem. Kalepatanipun wonten ingkang mapan ing wiwitaning tembung, wiwitaning wujud sudaning fonem wanda sapisan, madyaning wanda sapisan, pungkasaning wanda sapisan, madyaning wanda wiwitaning wanda kaping kalih, saha wonten ing wiwitaning wanda kaping tiga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar