Selasa, 19 Desember 2017

Ajar Nggawe Geguritan

Ember Ireng
Ember lusek warna ireng
Ting srengkah ngedhang-edhangi  dalan
Yo mengkono sliramu iku
sanajan pirang-pirang taun wis lunga
Nganti akehe dhong garing mabur ra ke etung
Ora pernah bisa adoh saka pangarep lan atiku
Ember ireng kang gupak lemah
Sik wingi ting srengkah ana dalan
Udan panas ora gelem obah
Panggah meneng sanajan kalaran
Barang dak delok-delok
Kangenku kaya mangkono
Nganti lusek kebank srawang
Nunggu sliramu sing tak sayang
Sajake ember kae pating jelerit
Ning durung ana sing keprungon
Amarga awak katon reged  lusek
Ora enak disawang lan didemok
Rasaku iki tetep setya
Sanajan adoh paranmu lelunga
Bakal dak anti , amarga rasaku percaya
Sliramu  bakal bali neng ati.


Pungkasane udan wulan iki
Dak delok dak sawang ember kae
Wis ora katon ana ing dalan
Pungkasane udan wulan iki
Ana werna werni ing awang awang
Abang  kuning ijo
Embuh opo kuwi katon prasaja
Agawe bebingah neng ati

Sore-sore dak sawang maneh
Ember ireng lusek katon geguyu sumringah
Jinejer ning ngarep gedhong
Sanajan suwek-suwek ning katon tambah ayu

Ember ireng lusek kae
Wis ora ana srawang  kang gumantung
Jebul werna-werni ing awang awang kae sliramu
Kang wis dak anti-anti rina wengi

Rasaku ora kleru yen percaya sliramu
Awakku  saiki katon sumringah
Ora ana srawang lan enak disawang











Tidak ada komentar:

Posting Komentar