1. Kutha Ngawi puniku (7u)
Tlatahipun wonten Jawa Timur (10u)
Kutha Alit adhem ayem saha asri (12i)
Budaya lan seninipun (8u)
Orek-orek kang ngrembaka (8o)
2. Kebon sawah lan Gunung (7u)
Iku kabeh gawe urip makmur (10)
pra sedulur ayo padha nandur pari (12i)
angundhuh kang wus tinandur (8u)
gawe seneng tanpa gelo (8o)
3. Desa alit kang makmur (7u)
Talang tentrem dados sloganipun (10 u)
Adoh palang guyub rukun migunani (12i)
Dadi tuladha misuwur (8u)
Den tan kemba mring ngrembaka (8o)
Tembang macapat gambuh menika nyariosaken kahanan wonten ing daerah kula ing Jawa Timur , inggih menika kutha Ngawi ugi desa Talang.
Kutha ngawi menika kutha alit ingkang wonten ing Jawa Timur , Ngawi menika kadhapukan dados kabupaten desa kula , Desa Talang. Wonten ing desa kula pagesanganipun masarakat sami guyub rukun , remen gotong royong lan urip kanthi tentrem. Pakaryan masarakatipun kathah ingkang dados Tani , amargi desa Talang menika salah satunggaling desa ingkang mapan wonten ing ngandhapipun Gunung Lawu , daerahipun diubengi kaliyan saben-saben .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar